Surah Al-Anfal Ayahs #26 Translated in Jawa
إِنَّ شَرَّ الدَّوَابِّ عِنْدَ اللَّهِ الصُّمُّ الْبُكْمُ الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ
Sayekti ala-alané sato tumraping Allah iku para budheg, para bisu kang padha ora ngerti
وَلَوْ عَلِمَ اللَّهُ فِيهِمْ خَيْرًا لَأَسْمَعَهُمْ ۖ وَلَوْ أَسْمَعَهُمْ لَتَوَلَّوْا وَهُمْ مُعْرِضُونَ
Lan saupama Allah uninga kabecikan ana ing dhèwèké, yekti aparing krungu dhèwèké, lan saupama Panjenengané aparing krungu dhèwèké, yekti dhèwèké padha maléngos kang sarta padha sumingkir
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اسْتَجِيبُوا لِلَّهِ وَلِلرَّسُولِ إِذَا دَعَاكُمْ لِمَا يُحْيِيكُمْ ۖ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَحُولُ بَيْنَ الْمَرْءِ وَقَلْبِهِ وَأَنَّهُ إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ
É, sira kang padha angèstu! Padha anyembadanana marang Allah lan Utusan-É, nalikané Panjenengané anguwuh sira marang barang kang angurip sira; lan padha weruha, yèn Allah iku angelet-eleti antaraning wong karo atiné sarta yèn sira iku bakal padha diimpun marang Panjenengané
وَاتَّقُوا فِتْنَةً لَا تُصِيبَنَّ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْكُمْ خَاصَّةً ۖ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ شَدِيدُ الْعِقَابِ
Lan padha di prayitna marang coba, kang ora mung mligi ange- nani panunggalanira kang padha atindak dudu baé; sarta padha weruha, yèn Allah iku abanget ing walesé
وَاذْكُرُوا إِذْ أَنْتُمْ قَلِيلٌ مُسْتَضْعَفُونَ فِي الْأَرْضِ تَخَافُونَ أَنْ يَتَخَطَّفَكُمُ النَّاسُ فَآوَاكُمْ وَأَيَّدَكُمْ بِنَصْرِهِ وَرَزَقَكُمْ مِنَ الطَّيِّبَاتِ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ
Lan padha ngélingana nali- kané sira lagi sathithik, dianggep apes ana ing nagara, kuwatir ma- nawa wong-wong padha amban- dhang sira, nanging Panjene- ngané angayomi sira sarta angu- kuhaké sira kalawan pitulung-É tuwin apaparing sira arupa barang- barang becik, supaya sira padha atur panuwun
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
