Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #88 Translated in Jawa

وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ كُلًّا هَدَيْنَا ۚ وَنُوحًا هَدَيْنَا مِنْ قَبْلُ ۖ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِ دَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ وَأَيُّوبَ وَيُوسُفَ وَمُوسَىٰ وَهَارُونَ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ
Lan iki bukti-Ningsun kang Ingsun paringaké marang Ibrahim nglindhihaké kaumé; Ingsun angunggahaké drajad ma- rang sapa kapareng-Ingsun; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Udani
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيَىٰ وَعِيسَىٰ وَإِلْيَاسَ ۖ كُلٌّ مِنَ الصَّالِحِينَ
Lan Ingsun aparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub; siji- sijiné padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurungé, apa déné sawenèhing tedhaké, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawé becik ing liyan
وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ
Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh
ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan sapa antaraning para bapak-bapaké sarta para tedhak turuné tuwin sadulur-saduluré, lan Ingsun wus milih dhèwèké sarta anuntun dhèwèké marang dalan kang bener

Choose other languages: