Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #87 Translated in Jawa

وَتِلْكَ حُجَّتُنَا آتَيْنَاهَا إِبْرَاهِيمَ عَلَىٰ قَوْمِهِ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَنْ نَشَاءُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ
Para kang padha angèstu sarta padha ora nyampuri anggoné angèstu iku kalawan tindak dudu, iku bakal padha olèh karaharjan tuwin dhèwèké iku wong kang padha olèh pituduh
وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ كُلًّا هَدَيْنَا ۚ وَنُوحًا هَدَيْنَا مِنْ قَبْلُ ۖ وَمِنْ ذُرِّيَّتِهِ دَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ وَأَيُّوبَ وَيُوسُفَ وَمُوسَىٰ وَهَارُونَ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ
Lan iki bukti-Ningsun kang Ingsun paringaké marang Ibrahim nglindhihaké kaumé; Ingsun angunggahaké drajad ma- rang sapa kapareng-Ingsun; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Udani
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيَىٰ وَعِيسَىٰ وَإِلْيَاسَ ۖ كُلٌّ مِنَ الصَّالِحِينَ
Lan Ingsun aparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub; siji- sijiné padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurungé, apa déné sawenèhing tedhaké, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawé becik ing liyan
وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ
Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh

Choose other languages: