Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #89 Translated in Jawa

وَزَكَرِيَّا وَيَحْيَىٰ وَعِيسَىٰ وَإِلْيَاسَ ۖ كُلٌّ مِنَ الصَّالِحِينَ
Lan Ingsun aparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub; siji- sijiné padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurungé, apa déné sawenèhing tedhaké, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawé becik ing liyan
وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ
Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُسْتَقِيمٍ
Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh
ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُمْ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Lan sapa antaraning para bapak-bapaké sarta para tedhak turuné tuwin sadulur-saduluré, lan Ingsun wus milih dhèwèké sarta anuntun dhèwèké marang dalan kang bener
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚ فَإِنْ يَكْفُرْ بِهَا هَٰؤُلَاءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَيْسُوا بِهَا بِكَافِرِينَ
Iki tuntunaning Allah, di- agem nuntun kawula-Né sapa kang dadi kapareng-É, lan manawa dhèwéké anjèjèraké sisihan , sayekti tumrap dhèwèké bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni

Choose other languages: