Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #67 Translated in Jawa

قُلْ مَنْ يُنَجِّيكُمْ مِنْ ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُونَهُ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً لَئِنْ أَنْجَانَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ
Calathua: Sapa ta kang anglu- waraké sira saka ing babayaning dharatan lan sagara, sira padha anguwuh ing Panjenengané , kalawan adhe- dhépé, lan kalawan sesidheman: Manawa Panjenengané angluwa- raké aku saiki, sayekti aku iki padha dadi golongané para kang padha weruh ing panarima
قُلِ اللَّهُ يُنَجِّيكُمْ مِنْهَا وَمِنْ كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ أَنْتُمْ تُشْرِكُونَ
Calathua: Allah kang anglu- waraké sira saka ing kono lan saka ing sarupaning kasusahan, ana- nging tumuli sira anjèjèraké sisi- han
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلَىٰ أَنْ يَبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِنْ فَوْقِكُمْ أَوْ مِنْ تَحْتِ أَرْجُلِكُمْ أَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَيُذِيقَ بَعْضَكُمْ بَأْسَ بَعْضٍ ۗ انْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُونَ
Calathua: Panjenengané iku kawasa yèn ta angirimna siksa marang sira saka ing sadhuwurira utawa saka sangisoré sikilira, uta- wa amrih bingungira panthan-panthan sarta sawenèhira digawé angrasakaké panyikarané sawenèh liyané. Delengen, kapriyé anggon-Ingsun angambal-ambali timbalan-timbalan, supaya dhè- wèké padha mangerti
وَكَذَّبَ بِهِ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّ ۚ قُلْ لَسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيلٍ
Lan iku golonganira anggorohaké, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira
لِكُلِّ نَبَإٍ مُسْتَقَرٌّ ۚ وَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsané lan sira bakal padha weruh

Choose other languages: