Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #68 Translated in Jawa

قُلِ اللَّهُ يُنَجِّيكُمْ مِنْهَا وَمِنْ كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ أَنْتُمْ تُشْرِكُونَ
Calathua: Allah kang anglu- waraké sira saka ing kono lan saka ing sarupaning kasusahan, ana- nging tumuli sira anjèjèraké sisi- han
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلَىٰ أَنْ يَبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِنْ فَوْقِكُمْ أَوْ مِنْ تَحْتِ أَرْجُلِكُمْ أَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَيُذِيقَ بَعْضَكُمْ بَأْسَ بَعْضٍ ۗ انْظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُونَ
Calathua: Panjenengané iku kawasa yèn ta angirimna siksa marang sira saka ing sadhuwurira utawa saka sangisoré sikilira, uta- wa amrih bingungira panthan-panthan sarta sawenèhira digawé angrasakaké panyikarané sawenèh liyané. Delengen, kapriyé anggon-Ingsun angambal-ambali timbalan-timbalan, supaya dhè- wèké padha mangerti
وَكَذَّبَ بِهِ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّ ۚ قُلْ لَسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيلٍ
Lan iku golonganira anggorohaké, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira
لِكُلِّ نَبَإٍ مُسْتَقَرٌّ ۚ وَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsané lan sira bakal padha weruh
وَإِذَا رَأَيْتَ الَّذِينَ يَخُوضُونَ فِي آيَاتِنَا فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ وَإِمَّا يُنْسِيَنَّكَ الشَّيْطَانُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرَىٰ مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan samangsané sira ande- leng para kang padha anggunem ala ing timbalan-timbalan-Ingsun, iku sira angedohana, nganti dhè- wèké padha anggunem rembug liyané;a déné manawa sira di- lalèkaké déning sétan, lah sawisé éling aja sira lulungguhan karo wong kang padha atindak dudu

Choose other languages: