Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Anaam Ayahs #70 Translated in Jawa

وَكَذَّبَ بِهِ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّ ۚ قُلْ لَسْتُ عَلَيْكُمْ بِوَكِيلٍ
Lan iku golonganira anggorohaké, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira
لِكُلِّ نَبَإٍ مُسْتَقَرٌّ ۚ وَسَوْفَ تَعْلَمُونَ
Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsané lan sira bakal padha weruh
وَإِذَا رَأَيْتَ الَّذِينَ يَخُوضُونَ فِي آيَاتِنَا فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ وَإِمَّا يُنْسِيَنَّكَ الشَّيْطَانُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرَىٰ مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ
Lan samangsané sira ande- leng para kang padha anggunem ala ing timbalan-timbalan-Ingsun, iku sira angedohana, nganti dhè- wèké padha anggunem rembug liyané;a déné manawa sira di- lalèkaké déning sétan, lah sawisé éling aja sira lulungguhan karo wong kang padha atindak dudu
وَمَا عَلَى الَّذِينَ يَتَّقُونَ مِنْ حِسَابِهِمْ مِنْ شَيْءٍ وَلَٰكِنْ ذِكْرَىٰ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ
Lan wohing iku ora pisan bakal angenani para kang padha bekti, ananging mung pépéling, manawa- manawané bakal padha bekti
وَذَرِ الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَعِبًا وَلَهْوًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ وَذَكِّرْ بِهِ أَنْ تُبْسَلَ نَفْسٌ بِمَا كَسَبَتْ لَيْسَ لَهَا مِنْ دُونِ اللَّهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ وَإِنْ تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَا يُؤْخَذْ مِنْهَا ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ أُبْسِلُوا بِمَا كَسَبُوا ۖ لَهُمْ شَرَابٌ مِنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ
Lan togna baé para kang padha anganggep dodolanan lan lalahanan marang agamané, lan kang padha kacinthung déning kauripan donya, lan sira angéling- na kalawan iku, supaya aja ana jiwa sawiji kang kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; kajabané Allah, dhèwèké ora ana panjagané, mangkono uga pantarané, lan ma- nawa dhèwèké angaturna sadhé- ngah tebusan, iku ora bakal tinompa; iki para kang bakal padha kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; dhèwèké bakal padha olèh ombèn- ombèn arupa banyu umob sarta siksa kang anglarani, amar- ga saka anggoné padha angafiri

Choose other languages: