Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ahqaf Ayahs #34 Translated in Jawa

قَالُوا يَا قَوْمَنَا إِنَّا سَمِعْنَا كِتَابًا أُنْزِلَ مِنْ بَعْدِ مُوسَىٰ مُصَدِّقًا لِمَا بَيْنَ يَدَيْهِ يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ وَإِلَىٰ طَرِيقٍ مُسْتَقِيمٍ
(Para jin) kondho, "Kancaku, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Musa nerangake yen kitab kang kuna - kuna kabeh bener. Aweh pituduh marang dalan bener (Islam)
يَا قَوْمَنَا أَجِيبُوا دَاعِيَ اللَّهِ وَآمِنُوا بِهِ يَغْفِرْ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُجِرْكُمْ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
Hai kancaku (jin kabeh) padha ngistokna dhawuhing Allah (kang diemban Muhammad) sarta padha percayaa Allah. Allahbakal ngapura kaluputanmu lan bakal paring slamet ora kena siksa neraka kang nglarani
وَمَنْ لَا يُجِبْ دَاعِيَ اللَّهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِي الْأَرْضِ وَلَيْسَ لَهُ مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءُ ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَلَمْ يَعْيَ بِخَلْقِهِنَّ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَنْ يُحْيِيَ الْمَوْتَىٰ ۚ بَلَىٰ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Wong kafir apa ora deleng yen Allah iku gawe bumi lan langit. Sarehne Allah iku kuasa gawe barang kang semono gedhene, opo ora sansaya kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Allah iku kuasa samu barang
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُونَ
Ing besuk dina Qiyamat, nalika wong kafir padha dituduhake neraka, (Dhawuhing Allah) wis benera sira dicemplungake. (Wangsulane) "Dhemi Pangeran kawula, sampun leresipun". Dhawuhing Allah, "Saiki padha ngrasakna siksa neraka marga anggonira kafir

Choose other languages: