Surah Al-Ahqaf Ayahs #35 Translated in Jawa
وَمَنْ لَا يُجِبْ دَاعِيَ اللَّهِ فَلَيْسَ بِمُعْجِزٍ فِي الْأَرْضِ وَلَيْسَ لَهُ مِنْ دُونِهِ أَوْلِيَاءُ ۚ أُولَٰئِكَ فِي ضَلَالٍ مُبِينٍ
Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّ اللَّهَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَلَمْ يَعْيَ بِخَلْقِهِنَّ بِقَادِرٍ عَلَىٰ أَنْ يُحْيِيَ الْمَوْتَىٰ ۚ بَلَىٰ إِنَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ
Wong kafir apa ora deleng yen Allah iku gawe bumi lan langit. Sarehne Allah iku kuasa gawe barang kang semono gedhene, opo ora sansaya kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Allah iku kuasa samu barang
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۖ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنْتُمْ تَكْفُرُونَ
Ing besuk dina Qiyamat, nalika wong kafir padha dituduhake neraka, (Dhawuhing Allah) wis benera sira dicemplungake. (Wangsulane) "Dhemi Pangeran kawula, sampun leresipun". Dhawuhing Allah, "Saiki padha ngrasakna siksa neraka marga anggonira kafir
فَاصْبِرْ كَمَا صَبَرَ أُولُو الْعَزْمِ مِنَ الرُّسُلِ وَلَا تَسْتَعْجِلْ لَهُمْ ۚ كَأَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَ مَا يُوعَدُونَ لَمْ يَلْبَثُوا إِلَّا سَاعَةً مِنْ نَهَارٍ ۚ بَلَاغٌ ۚ فَهَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الْفَاسِقُونَ
(Muhammad), Mulane sira sabara, kaya sabare para rosul ing zaman kuna kang padha duwe ati tetep. Aja kesusu tekane siksa marang wong kafir. Besuk yen wis deleng neraka kang diancamake. Pangrasane anggone ana donya iki mung sedhela ana ing wayah awan. Iki lho pituduh kang cukup. Besuk yen wis deleng siksa, ora bakal disengsarakake kajaba wong kafir
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
