Quran Apps in many lanuages:

Surah Al-Ahqaf Ayahs #18 Translated in Jawa

أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ خَالِدِينَ فِيهَا جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Wong mangkono mau bakal mlebu suwarga kang langgeng minongko ganjaran kabecikan kang wis dilakoni
وَوَصَّيْنَا الْإِنْسَانَ بِوَالِدَيْهِ إِحْسَانًا ۖ حَمَلَتْهُ أُمُّهُ كُرْهًا وَوَضَعَتْهُ كُرْهًا ۖ وَحَمْلُهُ وَفِصَالُهُ ثَلَاثُونَ شَهْرًا ۚ حَتَّىٰ إِذَا بَلَغَ أَشُدَّهُ وَبَلَغَ أَرْبَعِينَ سَنَةً قَالَ رَبِّ أَوْزِعْنِي أَنْ أَشْكُرَ نِعْمَتَكَ الَّتِي أَنْعَمْتَ عَلَيَّ وَعَلَىٰ وَالِدَيَّ وَأَنْ أَعْمَلَ صَالِحًا تَرْضَاهُ وَأَصْلِحْ لِي فِي ذُرِّيَّتِي ۖ إِنِّي تُبْتُ إِلَيْكَ وَإِنِّي مِنَ الْمُسْلِمِينَ
Dhawuhing Ingsun Allah marang manungsa, "Padha tresnaha lan gawea becik marang wong tuane loro. Awit manungsa mau dikandhut ana wetenge biyunge lan dilahirake kanthi rekasa. Awit anggone diwetengake nganti tekan penyapihane lawase sasi. Bareng bayi mau wis tua lan wis tekan umur tahun munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, Paduka mugi paringa pitedah ngebahna manah kula ingkang ngantos kawula syukur dhateng paring paduka kabingahan ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula soho tiyang sepuh kawula kekalih, punapa dene supados kawula nglampahi pendamel sahe ingkang dados keparingipn kersa panjenengan. Para turun kula mugi panjenengan dadosaken sahe kawula tobat lan kawula punika tiyang Islam
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ نَتَقَبَّلُ عَنْهُمْ أَحْسَنَ مَا عَمِلُوا وَنَتَجَاوَزُ عَنْ سَيِّئَاتِهِمْ فِي أَصْحَابِ الْجَنَّةِ ۖ وَعْدَ الصِّدْقِ الَّذِي كَانُوا يُوعَدُونَ
Hiya iku wong kang padha Ingsun terima anggone padha nglakone panggawe becik, lan padha Ingsun cegah nglakoni panggawe hala, Padha wong suwarga hiya iku prasetyaning Allah temen mesthi kelakon
وَالَّذِي قَالَ لِوَالِدَيْهِ أُفٍّ لَكُمَا أَتَعِدَانِنِي أَنْ أُخْرَجَ وَقَدْ خَلَتِ الْقُرُونُ مِنْ قَبْلِي وَهُمَا يَسْتَغِيثَانِ اللَّهَ وَيْلَكَ آمِنْ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ فَيَقُولُ مَا هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Dene won kang wani kondho marang wong tuane loro, "Hus" yagene padha nemtokake ing tembe bakal ditangekake saka kubur kelawan urip kang mongko wong kuna biyen kang wis mati pirang - pirang atus tahun ora ana siji wae kang urip maneh. Wong tuwane loro banjur matur ing Allah lan mangsuli marang anake, "Cilaka temen kowe, percaya ing Allah lan bakal uripe wong kang wis padha mati. Prasetyaning Allah bakal kelakon tenan. Anake mangsuli, "Mangkono mau gawe - gawene wong kuna
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ
Wong mangkono mau wis ditemtokake dening pepesten. Pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa klebu golongane ummat kuna biyen rupa jin lan manungsa, temen wong kang kapitunan

Choose other languages: