Surah Al-Ahqaf Ayahs #20 Translated in Jawa
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ نَتَقَبَّلُ عَنْهُمْ أَحْسَنَ مَا عَمِلُوا وَنَتَجَاوَزُ عَنْ سَيِّئَاتِهِمْ فِي أَصْحَابِ الْجَنَّةِ ۖ وَعْدَ الصِّدْقِ الَّذِي كَانُوا يُوعَدُونَ
Hiya iku wong kang padha Ingsun terima anggone padha nglakone panggawe becik, lan padha Ingsun cegah nglakoni panggawe hala, Padha wong suwarga hiya iku prasetyaning Allah temen mesthi kelakon
وَالَّذِي قَالَ لِوَالِدَيْهِ أُفٍّ لَكُمَا أَتَعِدَانِنِي أَنْ أُخْرَجَ وَقَدْ خَلَتِ الْقُرُونُ مِنْ قَبْلِي وَهُمَا يَسْتَغِيثَانِ اللَّهَ وَيْلَكَ آمِنْ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ فَيَقُولُ مَا هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ
Dene won kang wani kondho marang wong tuane loro, "Hus" yagene padha nemtokake ing tembe bakal ditangekake saka kubur kelawan urip kang mongko wong kuna biyen kang wis mati pirang - pirang atus tahun ora ana siji wae kang urip maneh. Wong tuwane loro banjur matur ing Allah lan mangsuli marang anake, "Cilaka temen kowe, percaya ing Allah lan bakal uripe wong kang wis padha mati. Prasetyaning Allah bakal kelakon tenan. Anake mangsuli, "Mangkono mau gawe - gawene wong kuna
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ حَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ
Wong mangkono mau wis ditemtokake dening pepesten. Pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa klebu golongane ummat kuna biyen rupa jin lan manungsa, temen wong kang kapitunan
وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِمَّا عَمِلُوا ۖ وَلِيُوَفِّيَهُمْ أَعْمَالَهُمْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ
Lan kanggo siji - sijining wong mau diparingi drajat miturut apa kang wis padha dilakoni.Allah mesthi nyukupi kanggo dheweke ganjaran utawa patrapan ing lakune samurwate lan ora ana kang kaniaya
وَيَوْمَ يُعْرَضُ الَّذِينَ كَفَرُوا عَلَى النَّارِ أَذْهَبْتُمْ طَيِّبَاتِكُمْ فِي حَيَاتِكُمُ الدُّنْيَا وَاسْتَمْتَعْتُمْ بِهَا فَالْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنْتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنْتُمْ تَفْسُقُونَ
Ing dina nalika wong kafir diweruhake neraka, ing kono padha didhawuhi, "Saiki kabungahanira ana donya kang apik wis sira entekake kanggo bungah - bungah. Ing dina iki dipatrapi siksa kang ngremehake marga aggonira padha gumedhe ing bumi kelawan ora bener lan marga anggonira duroko
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
