Quran Apps in many lanuages:

Surah Aal-E-Imran Ayahs #171 Translated in Jawa

وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ نَافَقُوا ۚ وَقِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا قَاتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَوِ ادْفَعُوا ۖ قَالُوا لَوْ نَعْلَمُ قِتَالًا لَاتَّبَعْنَاكُمْ ۗ هُمْ لِلْكُفْرِ يَوْمَئِذٍ أَقْرَبُ مِنْهُمْ لِلْإِيمَانِ ۚ يَقُولُونَ بِأَفْوَاهِهِمْ مَا لَيْسَ فِي قُلُوبِهِمْ ۗ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يَكْتُمُونَ
Lan Allah ngersakake nguningani wong-wong kang padha munafiq, lan wong kang padha wis didhawuhi, "Sira kabeh padha mrenea, padha mangsaha perang sabilillah, menawa padha ora gelem perang, iya mung padha dadia weweden bae murih ngundurake mungsuh (sabubaring perang)", ature wong-wong munafiq, "Saupami ing wau kula sumerepa yen wonten perang mesthi kula sami ndherek perang sesarengan panjenengan". Pangandikane Allah, "Ing dina iki tetela wong munafiq iku luwih cedhak marang kafir katimbang marang iman". Wong munafiq padha matur lamis klawan lisane, ngaturake barang kang ora ana ing sajroning atine. Dene Allah iku luwih ngudaneni barang kang diumpetake dening wong-wong mau
الَّذِينَ قَالُوا لِإِخْوَانِهِمْ وَقَعَدُوا لَوْ أَطَاعُونَا مَا قُتِلُوا ۗ قُلْ فَادْرَءُوا عَنْ أَنْفُسِكُمُ الْمَوْتَ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong munafiq kang padha ngucap marang kanca-kancane mung padha lungguh bae, ora melu perang, "Saupama dheweke iku padha manut kita, dheweke wis mesthi ora padha dipateni", Dhawuha (sira Muhammad), "Yen dhasar temen pengucapmu lan mara tulaken pati iku saka awakira
وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتًا ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ عِنْدَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُونَ
Lan sira aja padha ngira marang wong-wong kang dipateni ana perang sabil iku padha mati, nanging kabeh mau padha urip, ana ngarsane Pangeran padha diparingi rejeki
فَرِحِينَ بِمَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِنْ فَضْلِهِ وَيَسْتَبْشِرُونَ بِالَّذِينَ لَمْ يَلْحَقُوا بِهِمْ مِنْ خَلْفِهِمْ أَلَّا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ
Wong-wong mau padha bungah-bungah (gembira) saka pikantuk kanugrahane Allah, kang kaparingake marang wong-wong kang dipateni ana ing sajroning perang mau, lan padha suka ria marga ngrasakake kanca-kancane kang sapungkure padha durung dipateni ana peperangan. Kabeh mau mesthi padha tanpa kuwatir lan ora bakal padha susah
يَسْتَبْشِرُونَ بِنِعْمَةٍ مِنَ اللَّهِ وَفَضْلٍ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُؤْمِنِينَ
Dheweke padha bungah-bungah marga padha tampa ganjaran saka Allah lan padha oleh kanugraha. Satemene Allah ora ngilang-ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin

Choose other languages: