Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #86 Translated in Jawa

وَاسْأَلِ الْقَرْيَةَ الَّتِي كُنَّا فِيهَا وَالْعِيرَ الَّتِي أَقْبَلْنَا فِيهَا ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ
Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saèstu kula puni- ka sami temen
قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ أَنْفُسُكُمْ أَمْرًا ۖ فَصَبْرٌ جَمِيلٌ ۖ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَأْتِيَنِي بِهِمْ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ
Dhèwèké acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara ènthèng tumrapé kowé, mulané sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakaké dhèwèké kabèh marang aku; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni, Ingkang- Wicaksana
وَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا أَسَفَىٰ عَلَىٰ يُوسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنَاهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيمٌ
Lan dhèwèké maléngos saka anak-anaké sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripaté angembeng amarga saka susahé lan dhèwèké angempet
قَالُوا تَاللَّهِ تَفْتَأُ تَذْكُرُ يُوسُفَ حَتَّىٰ تَكُونَ حَرَضًا أَوْ تَكُونَ مِنَ الْهَالِكِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhé kèndel angènget-ènget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas
قَالَ إِنَّمَا أَشْكُو بَثِّي وَحُزْنِي إِلَى اللَّهِ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Calathuné: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh

Choose other languages: