Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #89 Translated in Jawa

قَالُوا تَاللَّهِ تَفْتَأُ تَذْكُرُ يُوسُفَ حَتَّىٰ تَكُونَ حَرَضًا أَوْ تَكُونَ مِنَ الْهَالِكِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhé kèndel angènget-ènget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas
قَالَ إِنَّمَا أَشْكُو بَثِّي وَحُزْنِي إِلَى اللَّهِ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ
Calathuné: Aku mung asa- sambat kasusahanku lan prihatinku marang Allah, lan aku weruh saka ing Allah barang kang kowé padha ora weruh
يَا بَنِيَّ اذْهَبُوا فَتَحَسَّسُوا مِنْ يُوسُفَ وَأَخِيهِ وَلَا تَيْأَسُوا مِنْ رَوْحِ اللَّهِ ۖ إِنَّهُ لَا يَيْأَسُ مِنْ رَوْحِ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْكَافِرُونَ
O, anak-anakku! padha mang- kata lan angupayaa katrangan pra- kara Yusuf lan saduluré, sarta aja padha pedhot pangarep-arepmu marang wilasaning Allah; sayekti, ora ana wong pedhot pangarep- arepé marang wilasaning Allah kajaba wong kang padha kafir
فَلَمَّا دَخَلُوا عَلَيْهِ قَالُوا يَا أَيُّهَا الْعَزِيزُ مَسَّنَا وَأَهْلَنَا الضُّرُّ وَجِئْنَا بِبِضَاعَةٍ مُزْجَاةٍ فَأَوْفِ لَنَا الْكَيْلَ وَتَصَدَّقْ عَلَيْنَا ۖ إِنَّ اللَّهَ يَجْزِي الْمُتَصَدِّقِينَ
Bareng wis padha marek dhèwèké, padha matur: Dhuh Sang Adipati! kasrakat andhawahi kula saha kulawarga kula, sarta dhateng kula ambeta arta sakedhik; mila- nipun mugi kula kaparingan taker ingkang jangkep saha ingkang loma dhateng kula; saèstu Allah punika amales para titiyang ing- kang loma
قَالَ هَلْ عَلِمْتُمْ مَا فَعَلْتُمْ بِيُوسُفَ وَأَخِيهِ إِذْ أَنْتُمْ جَاهِلُونَ
Calathuné: Apa kowé padha aweruh, kapriyé panggawému marang Yusuf lan saduluré nalika kowé padha bodho

Choose other languages: