Surah Yusuf Ayahs #85 Translated in Jawa
ارْجِعُوا إِلَىٰ أَبِيكُمْ فَقُولُوا يَا أَبَانَا إِنَّ ابْنَكَ سَرَقَ وَمَا شَهِدْنَا إِلَّا بِمَا عَلِمْنَا وَمَا كُنَّا لِلْغَيْبِ حَافِظِينَ
Padha balia marang dalemé bapak, banjur padha matura: Dhuh bapak! saèstu ingkang putra , saha boten liya kula kajawi namung sami aneksèni punapa ingkang sami kula sume- rep, saha boten saged kula sami angawat-awati dhateng ingkang boten katingal
وَاسْأَلِ الْقَرْيَةَ الَّتِي كُنَّا فِيهَا وَالْعِيرَ الَّتِي أَقْبَلْنَا فِيهَا ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ
Saha mugi Panjenengan an- dangu ing salebetipun nagari ing pundi ingkang sami kula ambah tuwin untan-untan sarengan kula lumampah, sarta saèstu kula puni- ka sami temen
قَالَ بَلْ سَوَّلَتْ لَكُمْ أَنْفُسُكُمْ أَمْرًا ۖ فَصَبْرٌ جَمِيلٌ ۖ عَسَى اللَّهُ أَنْ يَأْتِيَنِي بِهِمْ جَمِيعًا ۚ إِنَّهُ هُوَ الْعَلِيمُ الْحَكِيمُ
Dhèwèké acalathu: Ora, jiwa- mu anganggep sawijining prakara ènthèng tumrapé kowé, mulané sabar iku becik; manawa-manawa Allah anekakaké dhèwèké kabèh marang aku; sayekti Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni, Ingkang- Wicaksana
وَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا أَسَفَىٰ عَلَىٰ يُوسُفَ وَابْيَضَّتْ عَيْنَاهُ مِنَ الْحُزْنِ فَهُوَ كَظِيمٌ
Lan dhèwèké maléngos saka anak-anaké sarta acalathu: Dhuh kasusahanku tumrap si Yusuf! Sarta mripaté angembeng amarga saka susahé lan dhèwèké angempet
قَالُوا تَاللَّهِ تَفْتَأُ تَذْكُرُ يُوسُفَ حَتَّىٰ تَكُونَ حَرَضًا أَوْ تَكُونَ مِنَ الْهَالِكِينَ
Padha acalathu: Dhemi Allah! panjenengan boten badhé kèndel angènget-ènget Yusuf, ngantos panjenengan dhumawah dipun lud ing sakit, utawi pan- jenengan kalebet golonganipun titiyang ingkang tiwas
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
