Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #64 Translated in Jawa

فَإِنْ لَمْ تَأْتُونِي بِهِ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِنْدِي وَلَا تَقْرَبُونِ
Lah manawa kowé ora padha anekakaké dhèwèké marang aku kéné, kowé ya ora bakal padha olèh taker saka ing aku sarta ora bakal padha olèh marek aku
قَالُوا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَاعِلُونَ
Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken
وَقَالَ لِفِتْيَانِهِ اجْعَلُوا بِضَاعَتَهُمْ فِي رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُونَهَا إِذَا انْقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan dhèwèké angandika ma- rang batur-baturé: Dhuwité padha lebokna marang karungé, supaya yèn wis padha bali marang batihé, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia
فَلَمَّا رَجَعُوا إِلَىٰ أَبِيهِمْ قَالُوا يَا أَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَأَرْسِلْ مَعَنَا أَخَانَا نَكْتَلْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Bareng wis padha bali marang bapakné padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kéngingaken, milanipun sadhèrèk kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saèstu ingkang badhé angreksa dhateng piyambakipun
قَالَ هَلْ آمَنُكُمْ عَلَيْهِ إِلَّا كَمَا أَمِنْتُكُمْ عَلَىٰ أَخِيهِ مِنْ قَبْلُ ۖ فَاللَّهُ خَيْرٌ حَافِظًا ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Calathuné: Aku ora bisa pitaya marang kowé kabèh inga- tasé prakara dhèwèké, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowé kabèh ingatasé prakara saduluré dhèk biyèn; ananging Allah iku becik-beciké Juru- rumeksa, sarta Panjenengané iku luwih asih-asihé para kang padha asih

Choose other languages: