Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #65 Translated in Jawa

قَالُوا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَاعِلُونَ
Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken
وَقَالَ لِفِتْيَانِهِ اجْعَلُوا بِضَاعَتَهُمْ فِي رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُونَهَا إِذَا انْقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan dhèwèké angandika ma- rang batur-baturé: Dhuwité padha lebokna marang karungé, supaya yèn wis padha bali marang batihé, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia
فَلَمَّا رَجَعُوا إِلَىٰ أَبِيهِمْ قَالُوا يَا أَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَأَرْسِلْ مَعَنَا أَخَانَا نَكْتَلْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Bareng wis padha bali marang bapakné padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kéngingaken, milanipun sadhèrèk kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saèstu ingkang badhé angreksa dhateng piyambakipun
قَالَ هَلْ آمَنُكُمْ عَلَيْهِ إِلَّا كَمَا أَمِنْتُكُمْ عَلَىٰ أَخِيهِ مِنْ قَبْلُ ۖ فَاللَّهُ خَيْرٌ حَافِظًا ۖ وَهُوَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ
Calathuné: Aku ora bisa pitaya marang kowé kabèh inga- tasé prakara dhèwèké, mundhak kaya anggonku pitaya marang kowé kabèh ingatasé prakara saduluré dhèk biyèn; ananging Allah iku becik-beciké Juru- rumeksa, sarta Panjenengané iku luwih asih-asihé para kang padha asih
وَلَمَّا فَتَحُوا مَتَاعَهُمْ وَجَدُوا بِضَاعَتَهُمْ رُدَّتْ إِلَيْهِمْ ۖ قَالُوا يَا أَبَانَا مَا نَبْغِي ۖ هَٰذِهِ بِضَاعَتُنَا رُدَّتْ إِلَيْنَا ۖ وَنَمِيرُ أَهْلَنَا وَنَحْفَظُ أَخَانَا وَنَزْدَادُ كَيْلَ بَعِيرٍ ۖ ذَٰلِكَ كَيْلٌ يَسِيرٌ
Lan bareng padha andhudhah barangé, tinemu, duwité padha dibalèkaké marang dhèwèké. Pa- dha calathu: Dhuh Bapak! punapa ingkang kula sami ajeng- ajeng? Punika bandha kula ngriki kawangsulaken dhateng kula ma- lih, sarta kula sami badhé angang- salaken gandum kulawarga kula, tuwin rumeksa sadhèrèk kula, saha badhé angsal wewah malih taker samomotaning unta; punika take- ran mayar

Choose other languages: