Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #63 Translated in Jawa

وَلَمَّا جَهَّزَهُمْ بِجَهَازِهِمْ قَالَ ائْتُونِي بِأَخٍ لَكُمْ مِنْ أَبِيكُمْ ۚ أَلَا تَرَوْنَ أَنِّي أُوفِي الْكَيْلَ وَأَنَا خَيْرُ الْمُنْزِلِينَ
Lan bareng anggoné dhèwèké anyadhiyani gawané-pangan wis sumadhiya, acalathu: Tekakna mréné sadulurmu siji kang saka bapakmu; apa kowé padha ora weruh, yèn aku iki aga- nep ing taker sarta aku iki becik- beciké wong kang padha nampani dhayoh
فَإِنْ لَمْ تَأْتُونِي بِهِ فَلَا كَيْلَ لَكُمْ عِنْدِي وَلَا تَقْرَبُونِ
Lah manawa kowé ora padha anekakaké dhèwèké marang aku kéné, kowé ya ora bakal padha olèh taker saka ing aku sarta ora bakal padha olèh marek aku
قَالُوا سَنُرَاوِدُ عَنْهُ أَبَاهُ وَإِنَّا لَفَاعِلُونَ
Padha matur: Kula sami badhé angangkah, amurih bapak- ipun tumiyunga manahipun angu- lungaken piyambakipun, lan saèstu kula sami badhé nindakaken
وَقَالَ لِفِتْيَانِهِ اجْعَلُوا بِضَاعَتَهُمْ فِي رِحَالِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَعْرِفُونَهَا إِذَا انْقَلَبُوا إِلَىٰ أَهْلِهِمْ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Lan dhèwèké angandika ma- rang batur-baturé: Dhuwité padha lebokna marang karungé, supaya yèn wis padha bali marang batihé, iku mengko padha diwe- ruhana, supaya padha balia
فَلَمَّا رَجَعُوا إِلَىٰ أَبِيهِمْ قَالُوا يَا أَبَانَا مُنِعَ مِنَّا الْكَيْلُ فَأَرْسِلْ مَعَنَا أَخَانَا نَكْتَلْ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ
Bareng wis padha bali marang bapakné padha matur: Dhuh bapak, taker, kula boten dipun kéngingaken, milanipun sadhèrèk kula mugi kadhawuhan tumut kula, kula sami angsal taker, saha kula saèstu ingkang badhé angreksa dhateng piyambakipun

Choose other languages: