Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #47 Translated in Jawa

وَقَالَ الْمَلِكُ إِنِّي أَرَىٰ سَبْعَ بَقَرَاتٍ سِمَانٍ يَأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَسَبْعَ سُنْبُلَاتٍ خُضْرٍ وَأُخَرَ يَابِسَاتٍ ۖ يَا أَيُّهَا الْمَلَأُ أَفْتُونِي فِي رُؤْيَايَ إِنْ كُنْتُمْ لِلرُّؤْيَا تَعْبُرُونَ
Lan Sang Nata ngandika: Sayekti aku weruh ana sapi pitu lemu-lemu, iku dipangan sapi pitu kuru-kuru; sarta ana wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang garing; O, para panggedhé, aku werdènana impènku, manawa kowé padha bisa mradikani impèn
قَالُوا أَضْغَاثُ أَحْلَامٍ ۖ وَمَا نَحْنُ بِتَأْوِيلِ الْأَحْلَامِ بِعَالِمِينَ
Padha matur: Supenan wor- suh, saha kula dhateng pradikaning supenan sami boten sumerep
وَقَالَ الَّذِي نَجَا مِنْهُمَا وَادَّكَرَ بَعْدَ أُمَّةٍ أَنَا أُنَبِّئُكُمْ بِتَأْوِيلِهِ فَأَرْسِلُونِ
Lan salah sijiné loro kang diluwari sarta sawisé lawas lagi kèlingan Yusuf, acala- thu: Cobi panjenengan kula terang- aken pradikanipun, milanipun cobi kula kaparenga mundur rumiyin
يُوسُفُ أَيُّهَا الصِّدِّيقُ أَفْتِنَا فِي سَبْعِ بَقَرَاتٍ سِمَانٍ يَأْكُلُهُنَّ سَبْعٌ عِجَافٌ وَسَبْعِ سُنْبُلَاتٍ خُضْرٍ وَأُخَرَ يَابِسَاتٍ لَعَلِّي أَرْجِعُ إِلَى النَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَعْلَمُونَ
O, Yusuf, o, wong temen! Aku pradikanana, sapi pitu lemu- lemu kang padha dipangan sapi pitu kuru-kuru, sarta wuwulèn pitu ijo-ijo tuwin liyané manèh kang padha garing, supaya baliku menyang para wong-wong kaé dhèwèké bakal padha weruh
قَالَ تَزْرَعُونَ سَبْعَ سِنِينَ دَأَبًا فَمَا حَصَدْتُمْ فَذَرُوهُ فِي سُنْبُلِهِ إِلَّا قَلِيلًا مِمَّا تَأْكُلُونَ
Wangsulané: Pitung taun kowé padha nandura kaya sabené; banjur apa panènanmu cikbèn ana ing wuwulèn baé, kajaba sathithik kang arep padha kopangan

Choose other languages: