Quran Apps in many lanuages:

Surah Yusuf Ayahs #25 Translated in Jawa

وَقَالَ الَّذِي اشْتَرَاهُ مِنْ مِصْرَ لِامْرَأَتِهِ أَكْرِمِي مَثْوَاهُ عَسَىٰ أَنْ يَنْفَعَنَا أَوْ نَتَّخِذَهُ وَلَدًا ۚ وَكَذَٰلِكَ مَكَّنَّا لِيُوسُفَ فِي الْأَرْضِ وَلِنُعَلِّمَهُ مِنْ تَأْوِيلِ الْأَحَادِيثِ ۚ وَاللَّهُ غَالِبٌ عَلَىٰ أَمْرِهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Lan wong Mesir kang nuku dhèwèké acalathu marang rabi- né: Wènèhana padunungan kang mulya, ambokmanawa dhèwèké bakal migunani marang kéné utawa padha dak epèk anak. Lan kaya mangkono Ingsun anyanto- sakaké Yusuf ana ing nagara lan supaya Ingsun amulang dhèwèké kateranganing wicara-wicara; lan Allah iku anglindhihaké asarana paréntah-É, ananging akèh-akèh- ing manusa padha ora weruh
وَلَمَّا بَلَغَ أَشُدَّهُ آتَيْنَاهُ حُكْمًا وَعِلْمًا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ
Lan bareng dhèwèké wus tumeka ing diwasané, Ingsun pari- ngi kawicaksanan sarta kawruh: lan kaya mangkono anggon-Ingsun amituwasi wong kang padha atindak becik
وَرَاوَدَتْهُ الَّتِي هُوَ فِي بَيْتِهَا عَنْ نَفْسِهِ وَغَلَّقَتِ الْأَبْوَابَ وَقَالَتْ هَيْتَ لَكَ ۚ قَالَ مَعَاذَ اللَّهِ ۖ إِنَّهُ رَبِّي أَحْسَنَ مَثْوَايَ ۖ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ
Wong wadon, kang omahé dienggoni déning dhèwèké, nga- rah, supaya dhèwèké tumiyunga , sarta angan- cingi lawang-lawangé, tuwin aca- lathu: Majua mréné. Calathu- né: Kula nyuwun pangayomanipun Allah, saèstu Pangéran kula sam- pun andamel saé ing padunungan kula; saèstu boten badhé begja titiyang ingkang atindak dédé
وَلَقَدْ هَمَّتْ بِهِ ۖ وَهَمَّ بِهَا لَوْلَا أَنْ رَأَىٰ بُرْهَانَ رَبِّهِ ۚ كَذَٰلِكَ لِنَصْرِفَ عَنْهُ السُّوءَ وَالْفَحْشَاءَ ۚ إِنَّهُ مِنْ عِبَادِنَا الْمُخْلَصِينَ
Lan sayekti si wadon sir marang dhèwèké, sarta dhèwèké sir marang si wadon, lamun dhè- wèké oraa andeleng tandha yekti- ning Pangéran kang terang; kaya mangkono iku, supaya Ingsun angedohaké ala lan nistha saka dhèwèké; sayekti dhèwèké iku golongané para kawula-Ningsun kang padha tulus
وَاسْتَبَقَا الْبَابَ وَقَدَّتْ قَمِيصَهُ مِنْ دُبُرٍ وَأَلْفَيَا سَيِّدَهَا لَدَى الْبَابِ ۚ قَالَتْ مَا جَزَاءُ مَنْ أَرَادَ بِأَهْلِكَ سُوءًا إِلَّا أَنْ يُسْجَنَ أَوْ عَذَابٌ أَلِيمٌ
Lan sakaroné arebut dhisik menyang lawang, sarta kulambiné dhèwèké suwèk déning si wadon saka ing buri, lan ana sacedhaking lawang padha papagan karo lakiné. Si wadon calathu: Punapa wawa- lesipun tiyang ingkang sedya awon dhateng sémah sampéyan kajawi dipun kunjara utawi siksa ingkang nyakiti

Choose other languages: