Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #50 Translated in Jawa

إِنَّا أَخْلَصْنَاهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِ
Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat
وَإِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْأَخْيَارِ
Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget
وَاذْكُرْ إِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ وَكُلٌّ مِنَ الْأَخْيَارِ
Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa’, Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun
هَٰذَا ذِكْرٌ ۚ وَإِنَّ لِلْمُتَّقِينَ لَحُسْنَ مَآبٍ
Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane
جَنَّاتِ عَدْنٍ مُفَتَّحَةً لَهُمُ الْأَبْوَابُ
Hiya iku padha oleh ganjaran suwarga ’Adn kang lawang - lawange padha menga, nyediani malebune wong kang padha bekti

Choose other languages: