Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #52 Translated in Jawa

وَاذْكُرْ إِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ وَكُلٌّ مِنَ الْأَخْيَارِ
Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa’, Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun
هَٰذَا ذِكْرٌ ۚ وَإِنَّ لِلْمُتَّقِينَ لَحُسْنَ مَآبٍ
Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane
جَنَّاتِ عَدْنٍ مُفَتَّحَةً لَهُمُ الْأَبْوَابُ
Hiya iku padha oleh ganjaran suwarga ’Adn kang lawang - lawange padha menga, nyediani malebune wong kang padha bekti
مُتَّكِئِينَ فِيهَا يَدْعُونَ فِيهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيرَةٍ وَشَرَابٍ
Wong mau ana suwarga padha linggih sendhen tur padha diladeni sawarnaning woh - wohan akeh sarta homben - homben
وَعِنْدَهُمْ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ أَتْرَابٌ
Sarta padha nyandhing (widadari pirang - pirang) kang indah warnane lan rampak enome (umure)

Choose other languages: