Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #49 Translated in Jawa

وَاذْكُرْ عِبَادَنَا إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ أُولِي الْأَيْدِي وَالْأَبْصَارِ
(Muhammad) sira nyaritakna kesabarane kawulaningsun Ibrahim lan Ishak, apa dene Ya’qub kang padha rosa anggone ngabekti
إِنَّا أَخْلَصْنَاهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِ
Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat
وَإِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْأَخْيَارِ
Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget
وَاذْكُرْ إِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ وَكُلٌّ مِنَ الْأَخْيَارِ
Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa’, Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun
هَٰذَا ذِكْرٌ ۚ وَإِنَّ لِلْمُتَّقِينَ لَحُسْنَ مَآبٍ
Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane

Choose other languages: