Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #47 Translated in Jawa

وَوَهَبْنَا لَهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُمْ مَعَهُمْ رَحْمَةً مِنَّا وَذِكْرَىٰ لِأُولِي الْأَلْبَابِ
Lan Ingsun paringi Ayub (kanthi nguripake maneh) ahline (anakke cacah enem) lan Ingsun wuwuhi semono maneh minongko rahmat saka Ingsun kang mangkono mahu dadia wewulang marang wong kang ana akale
وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِبْ بِهِ وَلَا تَحْنَثْ ۗ إِنَّا وَجَدْنَاهُ صَابِرًا ۚ نِعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ
He Ayub sira jupuka suket satekem nuli sira gitikna ing rabinira, minongka ngluwawi nadhzar ira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadhzar lan aja nerjang supata. Ingsun nguningan i nyata yen Ayub iku wong shabar temenan. (Nalikane Ayub lara nadhzar kelawan supata, samangsa larane waras bakal gitik rabine ping ). Kawula kang becik iku Ayub, awit banget anggone murih keparengingsun
وَاذْكُرْ عِبَادَنَا إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ أُولِي الْأَيْدِي وَالْأَبْصَارِ
(Muhammad) sira nyaritakna kesabarane kawulaningsun Ibrahim lan Ishak, apa dene Ya’qub kang padha rosa anggone ngabekti
إِنَّا أَخْلَصْنَاهُمْ بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِ
Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat
وَإِنَّهُمْ عِنْدَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْأَخْيَارِ
Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget

Choose other languages: