Quran Apps in many lanuages:

Surah Sad Ayahs #22 Translated in Jawa

إِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهُ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْإِشْرَاقِ
Sarupaning gungung Ingsun sungkemake marang Dawud padha melu nyebut maha suci marang Ingsun ing wayah isuk lan sore
وَالطَّيْرَ مَحْشُورَةً ۖ كُلٌّ لَهُ أَوَّابٌ
Apa dene manuk padha nglumpuk melu Dawud memuji ing Allah, kabeh padha murih keparengig Allah
وَشَدَدْنَا مُلْكَهُ وَآتَيْنَاهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ
Ingsun ngentasake keratone Dawud lan diparingi pangkat Nabi sarta kabeneran samu barang kang dilakoni diparingi kaweruh bisa ngrampungi pasulayaning uwong
وَهَلْ أَتَاكَ نَبَأُ الْخَصْمِ إِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَ
Sira apa wis weruh cerita lelakone Dawud, nalika ana malaikat loro mendho - mendho wong perkaran munggah ing panggung papane Dawud
إِذْ دَخَلُوا عَلَىٰ دَاوُودَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ خَصْمَانِ بَغَىٰ بَعْضُنَا عَلَىٰ بَعْضٍ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَا إِلَىٰ سَوَاءِ الصِّرَاطِ
Nalika dheweke mlebu nemoni Dawud, dheweke kaget sebab ana wong mlebu ing panggonane. (Wong loro sing prakaran mau) padha matur, "Panjenengan sampun ajrih kula punika tiyang pasulayan ingkan satunggal nandukake pangaihaya dhateng satunggalipun, panjenengan mug andhawuhake karampungane Pangadilan dhaten gkula kalayan leres, sampun ngantos mlenceng mugi anedhana margi ingkan leres

Choose other languages: