Surah Sad Ayahs #25 Translated in Jawa
وَهَلْ أَتَاكَ نَبَأُ الْخَصْمِ إِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَ
Sira apa wis weruh cerita lelakone Dawud, nalika ana malaikat loro mendho - mendho wong perkaran munggah ing panggung papane Dawud
إِذْ دَخَلُوا عَلَىٰ دَاوُودَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ خَصْمَانِ بَغَىٰ بَعْضُنَا عَلَىٰ بَعْضٍ فَاحْكُمْ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَا إِلَىٰ سَوَاءِ الصِّرَاطِ
Nalika dheweke mlebu nemoni Dawud, dheweke kaget sebab ana wong mlebu ing panggonane. (Wong loro sing prakaran mau) padha matur, "Panjenengan sampun ajrih kula punika tiyang pasulayan ingkan satunggal nandukake pangaihaya dhateng satunggalipun, panjenengan mug andhawuhake karampungane Pangadilan dhaten gkula kalayan leres, sampun ngantos mlenceng mugi anedhana margi ingkan leres
إِنَّ هَٰذَا أَخِي لَهُ تِسْعٌ وَتِسْعُونَ نَعْجَةً وَلِيَ نَعْجَةٌ وَاحِدَةٌ فَقَالَ أَكْفِلْنِيهَا وَعَزَّنِي فِي الْخِطَابِ
Sayektosipun sedherek kula punika gadhah menda estri , kula namung gadhah setunggal. Wicantenipun, "Wedusmu siji iku tak pekke wae; panedhanipun hanggujeg piyambakipun ngawonaken kula wonten ing rembagan wahu
قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ إِلَىٰ نِعَاجِهِ ۖ وَإِنَّ كَثِيرًا مِنَ الْخُلَطَاءِ لَيَبْغِي بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَقَلِيلٌ مَا هُمْ ۗ وَظَنَّ دَاوُودُ أَنَّمَا فَتَنَّاهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهُ وَخَرَّ رَاكِعًا وَأَنَابَ ۩
Dawud ngandika, "Sedulurmu iku nakal, nganiaya marang kowe anggone anjaluk wedhusmu kang maung siji kudu dikumpulake wedhuse kang ". Wong kang bathon ngemorake bandhane kang akaeh ana kang nakal. Kajaba wong kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik. Nanging wong kang mangkono iku arang - arang. Dawud banjur kelingan rumasa kena cobaningsun, Sanalika Dawud junggel ruku’ lan sujud tobat ing Allah
فَغَفَرْنَا لَهُ ذَٰلِكَ ۖ وَإِنَّ لَهُ عِنْدَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ
Ingsun banjur ngapura kaluputane. Kajaba pangapura, Dawud Ingsun paringi panggonan cedha karo Ingsun hiya kawusanan kang becik
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
