Quran Apps in many lanuages:

Surah Saba Ayahs #31 Translated in Jawa

قُلْ أَرُونِيَ الَّذِينَ أَلْحَقْتُمْ بِهِ شُرَكَاءَ ۖ كَلَّا ۚ بَلْ هُوَ اللَّهُ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Sira dhawuha, "Mara aku tuduhna barang kang padha kok golongake ing Allah kanggo mangro-tingal. Ora ta, wis ora bae y en padha Allah. Sabenere Allah iku Maha Mulya tur wicaksana
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا كَافَّةً لِلنَّاسِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ
Anggoningsun ngutus sira Muhammad, sumarambah marang manungsa sajagat hambebungah kelawan bakal holeh ganjaran suwarga, sarta gawe pepeling. Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
Wong kafir padha celathu, "Benjing punapa kelampahanipun (siksa neraka ingkang dipun ancamaken punika) manawi ngendika panjenengan leres
قُلْ لَكُمْ مِيعَادُ يَوْمٍ لَا تَسْتَأْخِرُونَ عَنْهُ سَاعَةً وَلَا تَسْتَقْدِمُونَ
Dhwuha, "Kowe wis padha diwangeni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sak jam bae
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَنْ نُؤْمِنَ بِهَٰذَا الْقُرْآنِ وَلَا بِالَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ ۗ وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الظَّالِمُونَ مَوْقُوفُونَ عِنْدَ رَبِّهِمْ يَرْجِعُ بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ الْقَوْلَ يَقُولُ الَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا لَوْلَا أَنْتُمْ لَكُنَّا مُؤْمِنِينَ
WOng kafir padha ngucap, "AKu ora ngandel hunine al-Qur’an lan kitab - kitab sadurunge". Besuk sira handeleng para wong kafir nalikane padha dijejer - jejer ana ngarsane Pangeran. Siji - sijining wong padha tutur tinutuh karo kancane; pitutuhe kang cilik marang panggehene, "AKu aja kok ajak kafir, mesthi ngandel Allah lan utusane

Choose other languages: