Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #34 Translated in Jawa

وَلَوْ نَشَاءُ لَأَرَيْنَاكَهُمْ فَلَعَرَفْتَهُمْ بِسِيمَاهُمْ ۚ وَلَتَعْرِفَنَّهُمْ فِي لَحْنِ الْقَوْلِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ أَعْمَالَكُمْ
Menawa ana parenge karsane Allah, kena uga sira Ingsun weruhake kahanane para wong lamis, sira bakal weruh tengere anggone lamis, lan bakal weruh kandhane kang ora prasaja. Allah nguningane lakune para kawulane kabeh (hala becik)
وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ حَتَّىٰ نَعْلَمَ الْمُجَاهِدِينَ مِنْكُمْ وَالصَّابِرِينَ وَنَبْلُوَ أَخْبَارَكُمْ
(Para mukmin) Ingsun nyoba diprentah perang supaya wuninga kelawan gumelar sapa kang setia tuhu lan tega atine lan Ingsun bukak wadinira ing kono bakal cetho
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ وَشَاقُّوا الرَّسُولَ مِنْ بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمُ الْهُدَىٰ لَنْ يَضُرُّوا اللَّهَ شَيْئًا وَسَيُحْبِطُ أَعْمَالَهُمْ
Sarupane wong kafir lan kang ngalang - ngalangi sumebare agama Islam, apadene nyulayani Rasul, tur wis padha terang weruh pituduh bener ora pisan - pisan mlarati marang ALlah, ing tembe Allah jugarake ganjarane kabecikane
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَلَا تُبْطِلُوا أَعْمَالَكُمْ
Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ثُمَّ مَاتُوا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ
Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau

Choose other languages: