Quran Apps in many lanuages:

Surah Muhammad Ayahs #37 Translated in Jawa

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ وَلَا تُبْطِلُوا أَعْمَالَكُمْ
Para mukmin kabeh padha manut - mituruta parintahing Allah lan rasul lan aja padha jugarake (bubrah) ganjaraning kabecikan
إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَصَدُّوا عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ثُمَّ مَاتُوا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ
Sarupane wong kafir lan ngalang - ngalangi sumebare agama Islam mangka banjur mati isih kafir Allah ora bakal ngapura dosane wong mau
فَلَا تَهِنُوا وَتَدْعُوا إِلَى السَّلْمِ وَأَنْتُمُ الْأَعْلَوْنَ وَاللَّهُ مَعَكُمْ وَلَنْ يَتِرَكُمْ أَعْمَالَكُمْ
(Para mukmin kabeh) sira aja cilik atime lan ngajak rukun. Sira iku luhur ngungkuli wong kafir, lan ALlah nyertani sira kabeh, lan Allah ora bakal nyuda ganjaranira anggonmu padha ngelakoni panggawe becik
إِنَّمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۚ وَإِنْ تُؤْمِنُوا وَتَتَّقُوا يُؤْتِكُمْ أُجُورَكُمْ وَلَا يَسْأَلْكُمْ أَمْوَالَكُمْ
Kabungahan ing donya iku mung dolanan kang ora lawas (nuli rusak) nanging manawa sira percaya sarta bekti ing Allah bakal diparingi ganjaran lan ora bakal dangu bandhanira
إِنْ يَسْأَلْكُمُوهَا فَيُحْفِكُمْ تَبْخَلُوا وَيُخْرِجْ أَضْغَانَكُمْ
Upama Allah dangu zakate bandhanira kelawan dhawuh kenceng sira dikersakake ngentekake bandha mau (kanggo zakat utawa ragad perang) mesthi eman eman. Allah banjur melehake anggonmu sengit

Choose other languages: