Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #44 Translated in Jawa

رَبِّ اجْعَلْنِي مُقِيمَ الصَّلَاةِ وَمِنْ ذُرِّيَّتِي ۚ رَبَّنَا وَتَقَبَّلْ دُعَاءِ
Pangéran kawula! mugi ka- wula Tuwan dadosaken tiyang ingkang ajumenengaken salat, saha turun-turun kawula ; dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan anyembadani panyuwun kawula
رَبَّنَا اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِلْمُؤْمِنِينَ يَوْمَ يَقُومُ الْحِسَابُ
Dhuh Pangéran kawula, mugi Tuwan aparing pangayomana dha- teng kawula, saha dhateng tiyang sepuh kawula tuwin dhateng para angestu ing dinten adeging péta- ngan
وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظَّالِمُونَ ۚ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ
Lan aja sira ngira, manawa Allah iku léna marang apa pang- gawéné para wong kang atindak dudu: Panjenengané mung aparing sumené marang dhèwèké tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng
مُهْطِعِينَ مُقْنِعِي رُءُوسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ إِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْ ۖ وَأَفْئِدَتُهُمْ هَوَاءٌ
Padha mara aririkatan, sirahé padha andhangak, mripaté tanpa tumolih marang dhèwèké sarta padha entèk atiné
وَأَنْذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيهِمُ الْعَذَابُ فَيَقُولُ الَّذِينَ ظَلَمُوا رَبَّنَا أَخِّرْنَا إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ نُجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَ ۗ أَوَلَمْ تَكُونُوا أَقْسَمْتُمْ مِنْ قَبْلُ مَا لَكُمْ مِنْ زَوَالٍ
Lan para manusa padha pépélingana dina bakal tumeka- ning siksa marang dhèwèké; tumuli para kang padha atindak dudu bakal munjuk: Dhuh, Pangéran kawula, mugi Tuwan anyumenèkaken kawula dumugi mangsa ingkang parek, kawula sami anyandikanana panguwuh Tuwan saha manut para utusan. Apa ta kowé ora wus padha supata, ing biyèn, kowé ora bakal padha tumiba ing karusakan

Choose other languages: