Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #46 Translated in Jawa

وَلَا تَحْسَبَنَّ اللَّهَ غَافِلًا عَمَّا يَعْمَلُ الظَّالِمُونَ ۚ إِنَّمَا يُؤَخِّرُهُمْ لِيَوْمٍ تَشْخَصُ فِيهِ الْأَبْصَارُ
Lan aja sira ngira, manawa Allah iku léna marang apa pang- gawéné para wong kang atindak dudu: Panjenengané mung aparing sumené marang dhèwèké tumeka ing dina kang ing kono mripat- mripat bakal padha mandeng
مُهْطِعِينَ مُقْنِعِي رُءُوسِهِمْ لَا يَرْتَدُّ إِلَيْهِمْ طَرْفُهُمْ ۖ وَأَفْئِدَتُهُمْ هَوَاءٌ
Padha mara aririkatan, sirahé padha andhangak, mripaté tanpa tumolih marang dhèwèké sarta padha entèk atiné
وَأَنْذِرِ النَّاسَ يَوْمَ يَأْتِيهِمُ الْعَذَابُ فَيَقُولُ الَّذِينَ ظَلَمُوا رَبَّنَا أَخِّرْنَا إِلَىٰ أَجَلٍ قَرِيبٍ نُجِبْ دَعْوَتَكَ وَنَتَّبِعِ الرُّسُلَ ۗ أَوَلَمْ تَكُونُوا أَقْسَمْتُمْ مِنْ قَبْلُ مَا لَكُمْ مِنْ زَوَالٍ
Lan para manusa padha pépélingana dina bakal tumeka- ning siksa marang dhèwèké; tumuli para kang padha atindak dudu bakal munjuk: Dhuh, Pangéran kawula, mugi Tuwan anyumenèkaken kawula dumugi mangsa ingkang parek, kawula sami anyandikanana panguwuh Tuwan saha manut para utusan. Apa ta kowé ora wus padha supata, ing biyèn, kowé ora bakal padha tumiba ing karusakan
وَسَكَنْتُمْ فِي مَسَاكِنِ الَّذِينَ ظَلَمُوا أَنْفُسَهُمْ وَتَبَيَّنَ لَكُمْ كَيْفَ فَعَلْنَا بِهِمْ وَضَرَبْنَا لَكُمُ الْأَمْثَالَ
Lan sira padha manggon ana ing padunungané para kang padha atindak dudu marang awaké dhé- wé, apa déné wis terang tumrapé sira, kapriyé pamisésa-Ningsun marang dhèwèké, lan Ingsun wus andadèkaké sanépa-sanépa tumrap ing sira
وَقَدْ مَكَرُوا مَكْرَهُمْ وَعِنْدَ اللَّهِ مَكْرُهُمْ وَإِنْ كَانَ مَكْرُهُمْ لِتَزُولَ مِنْهُ الْجِبَالُ
Lan temen dhèwèké padha angrancang rancangané, ana- nging rancangané iku ana ing Allah sanajan ta rancangané iku gunung bisa sirna

Choose other languages: