Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #28 Translated in Jawa

أَلَمْ تَرَ كَيْفَ ضَرَبَ اللَّهُ مَثَلًا كَلِمَةً طَيِّبَةً كَشَجَرَةٍ طَيِّبَةٍ أَصْلُهَا ثَابِتٌ وَفَرْعُهَا فِي السَّمَاءِ
Apa sira ora animbang- nimbang, kapriyé anggoné Allah wus adamel sanépané sabda utama, kaya déné wit kang becik kang oyodé kukuh lan kang pang- pangé dhuwur
تُؤْتِي أُكُلَهَا كُلَّ حِينٍ بِإِذْنِ رَبِّهَا ۗ وَيَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ لِلنَّاسِ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُونَ
Angetokaké wohé ing sadhé- ngah mangsa kalawan idining Pangérané? Lan Allah adamel sa- népa-sanépa tumrap para manusa, supaya padha élinga
وَمَثَلُ كَلِمَةٍ خَبِيثَةٍ كَشَجَرَةٍ خَبِيثَةٍ اجْتُثَّتْ مِنْ فَوْقِ الْأَرْضِ مَا لَهَا مِنْ قَرَارٍ
Lan sanépané sabda candhala iku kaya dhéné wit ala, rungkad saka ing dhuwuring bumi; kasan- tosané ora ana
يُثَبِّتُ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۖ وَيُضِلُّ اللَّهُ الظَّالِمِينَ ۚ وَيَفْعَلُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ
Allah anetepaké para kang padha angèstu, kalawan sabda kang tetep, ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat, sarta Allah anasaraké wong-wong kang atindak dudu, lan Allah iku anindakaké apa kaparenging karsa- Né
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ بَدَّلُوا نِعْمَتَ اللَّهِ كُفْرًا وَأَحَلُّوا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِ
Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunaké bangsané ing enggon karusakan

Choose other languages: