Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #31 Translated in Jawa

يُثَبِّتُ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا بِالْقَوْلِ الثَّابِتِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۖ وَيُضِلُّ اللَّهُ الظَّالِمِينَ ۚ وَيَفْعَلُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ
Allah anetepaké para kang padha angèstu, kalawan sabda kang tetep, ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat, sarta Allah anasaraké wong-wong kang atindak dudu, lan Allah iku anindakaké apa kaparenging karsa- Né
أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ بَدَّلُوا نِعْمَتَ اللَّهِ كُفْرًا وَأَحَلُّوا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِ
Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunaké bangsané ing enggon karusakan
جَهَنَّمَ يَصْلَوْنَهَا ۖ وَبِئْسَ الْقَرَارُ
naraka? Dhèwèké bakal malebu mrono, lan ala padunungan iku
وَجَعَلُوا لِلَّهِ أَنْدَادًا لِيُضِلُّوا عَنْ سَبِيلِهِ ۗ قُلْ تَمَتَّعُوا فَإِنَّ مَصِيرَكُمْ إِلَى النَّارِ
Lan dhèwèké padha agawé sisihan anjèjèri Allah, pamrihé anasaraké saka ing dadalan-É. Calathua: Padha emat- na, lah sayekti, balinira iku tumeka marang geni
قُلْ لِعِبَادِيَ الَّذِينَ آمَنُوا يُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُنْفِقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا بَيْعٌ فِيهِ وَلَا خِلَالٌ
Calathua marang para kawu- la-Ningsun kang padha angèstu padha anjumenengna salat sarta amèwèhna barang paparing-Ingsun marang dhèwèké, kalawan sisi- dheman utawa kalawan ngedhèng, ing sadurungé tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran

Choose other languages: