Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #32 Translated in Jawa

أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ بَدَّلُوا نِعْمَتَ اللَّهِ كُفْرًا وَأَحَلُّوا قَوْمَهُمْ دَارَ الْبَوَارِ
Apa sira ora andeleng marang para kang padha angijoli nugraha- ning Allah kalawan kakafiran sarta angudhunaké bangsané ing enggon karusakan
جَهَنَّمَ يَصْلَوْنَهَا ۖ وَبِئْسَ الْقَرَارُ
naraka? Dhèwèké bakal malebu mrono, lan ala padunungan iku
وَجَعَلُوا لِلَّهِ أَنْدَادًا لِيُضِلُّوا عَنْ سَبِيلِهِ ۗ قُلْ تَمَتَّعُوا فَإِنَّ مَصِيرَكُمْ إِلَى النَّارِ
Lan dhèwèké padha agawé sisihan anjèjèri Allah, pamrihé anasaraké saka ing dadalan-É. Calathua: Padha emat- na, lah sayekti, balinira iku tumeka marang geni
قُلْ لِعِبَادِيَ الَّذِينَ آمَنُوا يُقِيمُوا الصَّلَاةَ وَيُنْفِقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً مِنْ قَبْلِ أَنْ يَأْتِيَ يَوْمٌ لَا بَيْعٌ فِيهِ وَلَا خِلَالٌ
Calathua marang para kawu- la-Ningsun kang padha angèstu padha anjumenengna salat sarta amèwèhna barang paparing-Ingsun marang dhèwèké, kalawan sisi- dheman utawa kalawan ngedhèng, ing sadurungé tekaning dina, kang ing kono ora ana dol tinuku lan ora ana mimitran
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَأَنْزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجَ بِهِ مِنَ الثَّمَرَاتِ رِزْقًا لَكُمْ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْفُلْكَ لِتَجْرِيَ فِي الْبَحْرِ بِأَمْرِهِ ۖ وَسَخَّرَ لَكُمُ الْأَنْهَارَ
Allah iku Kang anitahaké langit-langit lan bumi sarta anurun- aké banyu saka ing mendhung, banjur didamel angetokaké wowo- han, minongka rijeki tumrap marang sira, sarta Panjenengané andadèkaké prau alaladi marang sira, amrih padha lumaku ing sagara kalawan paréntahé Panjene- ngané, apa déné Panjenengané andadèkaké kali-kali padha laladi marang sira

Choose other languages: