Quran Apps in many lanuages:

Surah Ibrahim Ayahs #14 Translated in Jawa

قَالَتْ رُسُلُهُمْ أَفِي اللَّهِ شَكٌّ فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يَدْعُوكُمْ لِيَغْفِرَ لَكُمْ مِنْ ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرَكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُسَمًّى ۚ قَالُوا إِنْ أَنْتُمْ إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُنَا تُرِيدُونَ أَنْ تَصُدُّونَا عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا فَأْتُونَا بِسُلْطَانٍ مُبِينٍ
Para utusané padha calathu: Apa ana semang-semangé ing dalem Allah, kang ani- tahaké langit-langit lan bumi? Panjenengané anguwuh sira amrih angapura marang sira saka ing kaluputanira sarta anyumenèkaké sira tumeka mangsa kang tinamtu. Dhèwèké padha calathu: Kowé iku ora liya kajaba wong padhané aku; kowé padha niyat arep anyimpang- aké aku saka apa kang adaté disembah-sembah bapak-bapakku; mulané anekakna wisésa kang cetha marang aku
قَالَتْ لَهُمْ رُسُلُهُمْ إِنْ نَحْنُ إِلَّا بَشَرٌ مِثْلُكُمْ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَمُنُّ عَلَىٰ مَنْ يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ وَمَا كَانَ لَنَا أَنْ نَأْتِيَكُمْ بِسُلْطَانٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ
Para utusané padha calathu marang dhèwèké: Aku iki ora liya kajaba wong padhané sira, ana- nging Allah amaringaké nugraha- marang kawula-Né, sapa sing kaparenging karsa-Né, lan ora mungguh tumrapé aku yèn ane- kakna wisésa marang sira kajaba kalawan idining Allah; lan marang Allah kuduné anggoné sumarah para angèstu
وَمَا لَنَا أَلَّا نَتَوَكَّلَ عَلَى اللَّهِ وَقَدْ هَدَانَا سُبُلَنَا ۚ وَلَنَصْبِرَنَّ عَلَىٰ مَا آذَيْتُمُونَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُتَوَكِّلُونَ
Lan apa ta karanané yèn aku, ora padha sumaraha marang Allah, lan temen Panjenengané wus anun- tun aku ing dadalanku? Lan sa- yekti aku bakal padha anyabaraké marang panguya-uyamu ing aku; lan marang Allah kuduné anggoné sumarah para kang padha sumarah
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِرُسُلِهِمْ لَنُخْرِجَنَّكُمْ مِنْ أَرْضِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۖ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ رَبُّهُمْ لَنُهْلِكَنَّ الظَّالِمِينَ
Lan para kang padha kafir anyalathu marang para utusané: Sayekti aku bakal padha nundhung kowé kabèh saka ing bumiku , utawa kowé kudu padha bali ing agamaku. Tumuli Pangérané amedhar sabda marang dhèwèké: Sayekti Ingsun bakal anglebur para kang atindak dudu
وَلَنُسْكِنَنَّكُمُ الْأَرْضَ مِنْ بَعْدِهِمْ ۚ ذَٰلِكَ لِمَنْ خَافَ مَقَامِي وَخَافَ وَعِيدِ
Lan sayekti Ingsun bakal angenggonaké sira ing bumi ing sapungkuré dhèwèké; iki tumrap sapa-sapa kang wedi ana ing ngarsané Panjenengan-Ingsun sarta wedi ing pangancam-Ingsun

Choose other languages: