Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #26 Translated in Jawa

وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُونَ أَنْ يَشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَا أَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُودُكُمْ وَلَٰكِنْ ظَنَنْتُمْ أَنَّ اللَّهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيرًا مِمَّا تَعْمَلُونَ
Sira kabeh ora nutupi anggonira nglakoni panggawe hala mesthi disekseni dening Pangeranira pandelengira lan kulitira, nanging sira duwe panyana yen Allah ora nguningani sampurna marang samu barang kang sira lakoni
وَذَٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِي ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ أَرْدَاكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Mangkono lugune panyananira ngira marang Pangeran dadekake kasusahanira, mulane sira dadi kapitunan
فَإِنْ يَصْبِرُوا فَالنَّارُ مَثْوًى لَهُمْ ۖ وَإِنْ يَسْتَعْتِبُوا فَمَا هُمْ مِنَ الْمُعْتَبِينَ
Manawa wong kafir wis narima panggonane ing neraka, dene yen nyuwun pangapura ora oleh pangapura
وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاءَ فَزَيَّنُوا لَهُمْ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ
Ingsun nyadiani konco pirang - pirang padha anggodha wong kafir. Dheweke mau banjur anggodha ngiming - imingi kabungahan kang ana ngarepe lan burine. Allah bakal nyiksa wong kafir mesthi nyata. Dheweke kalebu golongane ummat kuna, jin lan manungsa kang wis padha rusak kelawan siksa biyen, saktemene dheweke padha kapitunan
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَسْمَعُوا لِهَٰذَا الْقُرْآنِ وَالْغَوْا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُونَ
Wong kafir padha ngucap, "Aja padha anggugu unine al-Quran padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang

Choose other languages: