Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #29 Translated in Jawa

وَقَيَّضْنَا لَهُمْ قُرَنَاءَ فَزَيَّنُوا لَهُمْ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَحَقَّ عَلَيْهِمُ الْقَوْلُ فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِنْ قَبْلِهِمْ مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا خَاسِرِينَ
Ingsun nyadiani konco pirang - pirang padha anggodha wong kafir. Dheweke mau banjur anggodha ngiming - imingi kabungahan kang ana ngarepe lan burine. Allah bakal nyiksa wong kafir mesthi nyata. Dheweke kalebu golongane ummat kuna, jin lan manungsa kang wis padha rusak kelawan siksa biyen, saktemene dheweke padha kapitunan
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَسْمَعُوا لِهَٰذَا الْقُرْآنِ وَالْغَوْا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَغْلِبُونَ
Wong kafir padha ngucap, "Aja padha anggugu unine al-Quran padhakna unine wong biasa wae, supaya kowe padha menang
فَلَنُذِيقَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا عَذَابًا شَدِيدًا وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَسْوَأَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ
Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot, lan Ingsun patrapi patrapaning kaluputankang wis padha dilakoni kang hala dhewe
ذَٰلِكَ جَزَاءُ أَعْدَاءِ اللَّهِ النَّارُ ۖ لَهُمْ فِيهَا دَارُ الْخُلْدِ ۖ جَزَاءً بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ
Kang mangkono wewales marang para satruning Allah kabeh padha dicemplungake neraka hiya iku panggonan siksa kang langgeng, tumanja wewales anggone maido ayatingsun
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا رَبَّنَا أَرِنَا اللَّذَيْنِ أَضَلَّانَا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ أَقْدَامِنَا لِيَكُونَا مِنَ الْأَسْفَلِينَ
Para kafir padha munjuk ing Allah, "Pangeran kula, kawula mugi panjenengan sumerapaken Jin lan manungsa ingkang sami hanjlomprongaken kawula rumiyen, badhe kula enciki wonten sangadhepe suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awerat

Choose other languages: