Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #31 Translated in Jawa

فَلَنُذِيقَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا عَذَابًا شَدِيدًا وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَسْوَأَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ
Para wong kafir bakal Ingsun weruhake rasane siksa kang abot, lan Ingsun patrapi patrapaning kaluputankang wis padha dilakoni kang hala dhewe
ذَٰلِكَ جَزَاءُ أَعْدَاءِ اللَّهِ النَّارُ ۖ لَهُمْ فِيهَا دَارُ الْخُلْدِ ۖ جَزَاءً بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ
Kang mangkono wewales marang para satruning Allah kabeh padha dicemplungake neraka hiya iku panggonan siksa kang langgeng, tumanja wewales anggone maido ayatingsun
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا رَبَّنَا أَرِنَا اللَّذَيْنِ أَضَلَّانَا مِنَ الْجِنِّ وَالْإِنْسِ نَجْعَلْهُمَا تَحْتَ أَقْدَامِنَا لِيَكُونَا مِنَ الْأَسْفَلِينَ
Para kafir padha munjuk ing Allah, "Pangeran kula, kawula mugi panjenengan sumerapaken Jin lan manungsa ingkang sami hanjlomprongaken kawula rumiyen, badhe kula enciki wonten sangadhepe suku kawula wonten neraka mriki, supados dados tiyang asor nandhang siksa langkung awerat
إِنَّ الَّذِينَ قَالُوا رَبُّنَا اللَّهُ ثُمَّ اسْتَقَامُوا تَتَنَزَّلُ عَلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةُ أَلَّا تَخَافُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَبْشِرُوا بِالْجَنَّةِ الَّتِي كُنْتُمْ تُوعَدُونَ
Sarupane wong mukmin kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", sarta setiya tuhu anggone netepi kuwajibane. Wong mangkono mau bakal diweruhi Malaikat kanthi dhawuh, "Sampiyan sampun ajrih, sampn sedhih (nilar karemenan wonten donya). Sampyan bingah badhe mlebet suarga ingkang sampun dipun prasetyaaken dening Allah
نَحْنُ أَوْلِيَاؤُكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۖ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَشْتَهِي أَنْفُسُكُمْ وَلَكُمْ فِيهَا مَا تَدَّعُونَ
Kula mitra sampyan wiwit wonten donya lestantun ing akherat. Wonten akherat badhe kadumugen samu kawis ingkang sampyan pengini sarta samukawis ingkang sampeyan kersakaken (mesthi boten kuciwa)

Choose other languages: