Quran Apps in many lanuages:

Surah Fussilat Ayahs #23 Translated in Jawa

وَيَوْمَ يُحْشَرُ أَعْدَاءُ اللَّهِ إِلَى النَّارِ فَهُمْ يُوزَعُونَ
Sira nyeritakna Qiyamat nalika para saterune Allah padha digiring marang neraka, wong kafir mau padha digelandhang
حَتَّىٰ إِذَا مَا جَاءُوهَا شَهِدَ عَلَيْهِمْ سَمْعُهُمْ وَأَبْصَارُهُمْ وَجُلُودُهُمْ بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ
Bareng wis tekan pinggir neraka, pangrungune lan pandhelenge, kulite, padha melehake anggone nglakoni dosa nalika ing donya
وَقَالُوا لِجُلُودِهِمْ لِمَ شَهِدْتُمْ عَلَيْنَا ۖ قَالُوا أَنْطَقَنَا اللَّهُ الَّذِي أَنْطَقَ كُلَّ شَيْءٍ وَهُوَ خَلَقَكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ
Wong kafir padha takon marang kulite, "Ya gene kowe padha milih dadi saksi anggonku nglakoni dosa?". Kulite padha mangsuli, "Allah kang gawe samu awak kuasa ngucapake samu barang uga kang gawe awakmu kuasa ngucapake samu barang. Allah iku kang gawe awakmu, kang kawitan biyen saiki kowe padha bali marang ngarsane Allah
وَمَا كُنْتُمْ تَسْتَتِرُونَ أَنْ يَشْهَدَ عَلَيْكُمْ سَمْعُكُمْ وَلَا أَبْصَارُكُمْ وَلَا جُلُودُكُمْ وَلَٰكِنْ ظَنَنْتُمْ أَنَّ اللَّهَ لَا يَعْلَمُ كَثِيرًا مِمَّا تَعْمَلُونَ
Sira kabeh ora nutupi anggonira nglakoni panggawe hala mesthi disekseni dening Pangeranira pandelengira lan kulitira, nanging sira duwe panyana yen Allah ora nguningani sampurna marang samu barang kang sira lakoni
وَذَٰلِكُمْ ظَنُّكُمُ الَّذِي ظَنَنْتُمْ بِرَبِّكُمْ أَرْدَاكُمْ فَأَصْبَحْتُمْ مِنَ الْخَاسِرِينَ
Mangkono lugune panyananira ngira marang Pangeran dadekake kasusahanira, mulane sira dadi kapitunan

Choose other languages: