Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zukhruf Ayahs #50 Translated in Jawa

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَقَالَ إِنِّي رَسُولُ رَبِّ الْعَالَمِينَ
Biyen Ingsun wis ngutus Musa kanthi tondho yekti pirang - pirang, diutus nyurup - nyurupake marang Fir’aun sabalane. Dhawuhe, "Aku utusaning Allah Pangerane wong alam kabeh
فَلَمَّا جَاءَهُمْ بِآيَاتِنَا إِذَا هُمْ مِنْهَا يَضْحَكُونَ
Bareng Musa wis teka gelarake tondho yekti kahelokan akeh ana ngarepe Fir’aun sabalane padha geguyu
وَمَا نُرِيهِمْ مِنْ آيَةٍ إِلَّا هِيَ أَكْبَرُ مِنْ أُخْتِهَا ۖ وَأَخَذْنَاهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir’aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener)
وَقَالُوا يَا أَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَ إِنَّنَا لَمُهْتَدُونَ
Fir’aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ إِذَا هُمْ يَنْكُثُونَ
Bareng Fir’aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya)

Choose other languages: