Quran Apps in many lanuages:

Surah Az-Zukhruf Ayahs #52 Translated in Jawa

وَمَا نُرِيهِمْ مِنْ آيَةٍ إِلَّا هِيَ أَكْبَرُ مِنْ أُخْتِهَا ۖ وَأَخَذْنَاهُمْ بِالْعَذَابِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ
Anggoningsun nontokake siji - sijining tandha yekti marang Fir’aun sabalane mesthi luwih gedhe lan gegirisi tinimbang kahelokan kang wis Ingsun tontonake sakdurunge. Lan padha Ingsun siksa supaya padha marenana anggone kafir (bali menyang dalan bener)
وَقَالُوا يَا أَيُّهَ السَّاحِرُ ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِنْدَكَ إِنَّنَا لَمُهْتَدُونَ
Fir’aun sabalane kondho, "He Musa juru sihir, kula mugi sampyan suwunaken dhateng Pangeran. Inggih punika manawi kula purun pitados badhe keparingan luar saking bebaya. Sapunika kula pitados dhateng sampeyan
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ إِذَا هُمْ يَنْكُثُونَ
Bareng Fir’aun Ingsun paringi luar saka siksa, banjur padha nyidrani kasangguhane (percaya)
وَنَادَىٰ فِرْعَوْنُ فِي قَوْمِهِ قَالَ يَا قَوْمِ أَلَيْسَ لِي مُلْكُ مِصْرَ وَهَٰذِهِ الْأَنْهَارُ تَجْرِي مِنْ تَحْتِي ۖ أَفَلَا تُبْصِرُونَ
Fir’aun kondho marang kawulane pangucape, "Para kaumku apa negara Mesik iki dudu duwekku? Padha delengan bengawan (Nil) iki mili ana ngisore panggonanku ngestokake parintahku
أَمْ أَنَا خَيْرٌ مِنْ هَٰذَا الَّذِي هُوَ مَهِينٌ وَلَا يَكَادُ يُبِينُ
Dadi aku iki luwih becik tinimbang Musa kang wis tetela wong asor celathune cedhal (pelo) meh ora ana wong ngerti

Choose other languages: