Surah Az-Zamar Ayahs #27 Translated in Jawa
اللَّهُ نَزَّلَ أَحْسَنَ الْحَدِيثِ كِتَابًا مُتَشَابِهًا مَثَانِيَ تَقْشَعِرُّ مِنْهُ جُلُودُ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُمْ ثُمَّ تَلِينُ جُلُودُهُمْ وَقُلُوبُهُمْ إِلَىٰ ذِكْرِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَنْ يَشَاءُ ۚ وَمَنْ يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِنْ هَادٍ
Allah iku handhawuhake cerita becik kitab al-Quran kang rampak becik. Sarta siji-sijining cerita: wewulang, pengancam, larangan lan sapinunggalane nganggo dipindhoni utawa diping teloni. Wong kang padha wedhi ing Pangerane manawa ngrungokake pangancam, padha mengkirik gethoke. Dene yen ngerongake larangan, kulite padha putih lemes, sarta atine eling ing Allah. al-Quran iku pituduhing Allah kanggo nuduhake dalan bener marang wong kang dadi parenging kersane. Dene sing sapa dikersakake kesasar dening Allah mesthi ora ana kang bisa nuduhake dalan bener
أَفَمَنْ يَتَّقِي بِوَجْهِهِ سُوءَ الْعَذَابِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ وَقِيلَ لِلظَّالِمِينَ ذُوقُوا مَا كُنْتُمْ تَكْسِبُونَ
Wong kang besuk qiyamat rahine disugokake marang siksa neraka kang abot (apa padha wae) lan wong kang selamet saka siksa (mesthi beda). Wong kafir bakal padha didhawuhi, "Mara padha rasakna patrapane kaluputan kang padha sira lakoni biyen
كَذَّبَ الَّذِينَ مِنْ قَبْلِهِمْ فَأَتَاهُمُ الْعَذَابُ مِنْ حَيْثُ لَا يَشْعُرُونَ
Para wong kang sadurunge kafir, padha maido rasul banjur padha tinempuh ing siksa kang ngagetake, ora kanyanan
فَأَذَاقَهُمُ اللَّهُ الْخِزْيَ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَكْبَرُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Wong kafir mau padha diparingi weruh rasaning siksa dening Allah kancengan ana donya. Dene siksane besuk apa ing akherat, luwih abot maneh upama wong kafir weruh kang mangkono mahu
وَلَقَدْ ضَرَبْنَا لِلنَّاسِ فِي هَٰذَا الْقُرْآنِ مِنْ كُلِّ مَثَلٍ لَعَلَّهُمْ يَتَذَكَّرُونَ
Ingsun wis hanggelar sakehing upama marang manungsa bab al-Quran iku supaya manungsa mau padha elinga ngestokake dhawuhing al-Quran
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
