Surah At-Talaq Ayahs #6 Translated in Jawa
فَإِذَا بَلَغْنَ أَجَلَهُنَّ فَأَمْسِكُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ أَوْ فَارِقُوهُنَّ بِمَعْرُوفٍ وَأَشْهِدُوا ذَوَيْ عَدْلٍ مِنْكُمْ وَأَقِيمُوا الشَّهَادَةَ لِلَّهِ ۚ ذَٰلِكُمْ يُوعَظُ بِهِ مَنْ كَانَ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۚ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا
Dene yen wis cedhak wewangen ’iddah sarta talake durung entek tur tanpa pamancal, sira kena mengku wong wadon mau kelawan becik, utawa nglestarekake pegate kelawan becik lan haneksekna marang kanca nira wong loro kang adil, manawa sira dadi saksi neksenana sumurup ngistokake parentahing Allah aja karana apa - apa. Pitutur iku tumrap marang wong kang pracaya ing Allah lan ngandel bakal anane dina qiyamatl Sing sapa bekti ing ALlah, Allah paring luar wong mau saka kasusahan (paring dalan gampang)
وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا
Lan paring rizki kang tanpa dikira - kira marang wong mau, sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup. Satemene sabarang kersane Allah mesthi kelakon. Allah nemtokake samu barang ana wawatesane
وَاللَّائِي يَئِسْنَ مِنَ الْمَحِيضِ مِنْ نِسَائِكُمْ إِنِ ارْتَبْتُمْ فَعِدَّتُهُنَّ ثَلَاثَةُ أَشْهُرٍ وَاللَّائِي لَمْ يَحِضْنَ ۚ وَأُولَاتُ الْأَحْمَالِ أَجَلُهُنَّ أَنْ يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا
Sarupane wong wadon kancanira kang wus ilang pangarep - arepe anggarap sari, manawa sira semang - semang lan iddahe telung sasi, mangkono uga (tumrap) kang ora tau anggarap sari. Dene tumrape wong wadon kang ngandhek wawangeing mangsane yaiku yen wis nglahirake kandhutane, lan sing sapa tuhu - tuhu ing (wajibe maring) Allah, Panjenengane bakal paring gampang sabarang prakarane
ذَٰلِكَ أَمْرُ اللَّهِ أَنْزَلَهُ إِلَيْكُمْ ۚ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا
Mangkono iku parintahing Allah didhawuhake marang sira, sing sapa bekti ing Allah, Allah muwung sakabehane halane wong mau, lan anggedhekake ganjarane wong mau
أَسْكِنُوهُنَّ مِنْ حَيْثُ سَكَنْتُمْ مِنْ وُجْدِكُمْ وَلَا تُضَارُّوهُنَّ لِتُضَيِّقُوا عَلَيْهِنَّ ۚ وَإِنْ كُنَّ أُولَاتِ حَمْلٍ فَأَنْفِقُوا عَلَيْهِنَّ حَتَّىٰ يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ فَإِنْ أَرْضَعْنَ لَكُمْ فَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ ۖ وَأْتَمِرُوا بَيْنَكُمْ بِمَعْرُوفٍ ۖ وَإِنْ تَعَاسَرْتُمْ فَسَتُرْضِعُ لَهُ أُخْرَىٰ
Wong wadon kang wis sira pegat mau enggonanan ing omah dhuwekira murwat karo kasugihanira, lan aja sira gawe pituna mundhak ngerupekake dheweke. Dene yen wong wadon mau ngandhek, nafkahana nganti salahira kandhungane. lan yen dheweke nusoni anak ira, wenehana pituwase. Lan padha tutur - tinuturana antaranira nglakoni kabecikan. Manawa sira ora sarujuk bayi sira hiyakna ing wong wadon liya
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
