Quran Apps in many lanuages:

Surah At-Talaq Ayahs #7 Translated in Jawa

وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ وَمَنْ يَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ فَهُوَ حَسْبُهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَالِغُ أَمْرِهِ ۚ قَدْ جَعَلَ اللَّهُ لِكُلِّ شَيْءٍ قَدْرًا
Lan paring rizki kang tanpa dikira - kira marang wong mau, sing sapa pasrah ing Allah, Allah paring cukup. Satemene sabarang kersane Allah mesthi kelakon. Allah nemtokake samu barang ana wawatesane
وَاللَّائِي يَئِسْنَ مِنَ الْمَحِيضِ مِنْ نِسَائِكُمْ إِنِ ارْتَبْتُمْ فَعِدَّتُهُنَّ ثَلَاثَةُ أَشْهُرٍ وَاللَّائِي لَمْ يَحِضْنَ ۚ وَأُولَاتُ الْأَحْمَالِ أَجَلُهُنَّ أَنْ يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مِنْ أَمْرِهِ يُسْرًا
Sarupane wong wadon kancanira kang wus ilang pangarep - arepe anggarap sari, manawa sira semang - semang lan iddahe telung sasi, mangkono uga (tumrap) kang ora tau anggarap sari. Dene tumrape wong wadon kang ngandhek wawangeing mangsane yaiku yen wis nglahirake kandhutane, lan sing sapa tuhu - tuhu ing (wajibe maring) Allah, Panjenengane bakal paring gampang sabarang prakarane
ذَٰلِكَ أَمْرُ اللَّهِ أَنْزَلَهُ إِلَيْكُمْ ۚ وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يُكَفِّرْ عَنْهُ سَيِّئَاتِهِ وَيُعْظِمْ لَهُ أَجْرًا
Mangkono iku parintahing Allah didhawuhake marang sira, sing sapa bekti ing Allah, Allah muwung sakabehane halane wong mau, lan anggedhekake ganjarane wong mau
أَسْكِنُوهُنَّ مِنْ حَيْثُ سَكَنْتُمْ مِنْ وُجْدِكُمْ وَلَا تُضَارُّوهُنَّ لِتُضَيِّقُوا عَلَيْهِنَّ ۚ وَإِنْ كُنَّ أُولَاتِ حَمْلٍ فَأَنْفِقُوا عَلَيْهِنَّ حَتَّىٰ يَضَعْنَ حَمْلَهُنَّ ۚ فَإِنْ أَرْضَعْنَ لَكُمْ فَآتُوهُنَّ أُجُورَهُنَّ ۖ وَأْتَمِرُوا بَيْنَكُمْ بِمَعْرُوفٍ ۖ وَإِنْ تَعَاسَرْتُمْ فَسَتُرْضِعُ لَهُ أُخْرَىٰ
Wong wadon kang wis sira pegat mau enggonanan ing omah dhuwekira murwat karo kasugihanira, lan aja sira gawe pituna mundhak ngerupekake dheweke. Dene yen wong wadon mau ngandhek, nafkahana nganti salahira kandhungane. lan yen dheweke nusoni anak ira, wenehana pituwase. Lan padha tutur - tinuturana antaranira nglakoni kabecikan. Manawa sira ora sarujuk bayi sira hiyakna ing wong wadon liya
لِيُنْفِقْ ذُو سَعَةٍ مِنْ سَعَتِهِ ۖ وَمَنْ قُدِرَ عَلَيْهِ رِزْقُهُ فَلْيُنْفِقْ مِمَّا آتَاهُ اللَّهُ ۚ لَا يُكَلِّفُ اللَّهُ نَفْسًا إِلَّا مَا آتَاهَا ۚ سَيَجْعَلُ اللَّهُ بَعْدَ عُسْرٍ يُسْرًا
Supaya wong sugih mragadana samurwate sugihe, dene sing sapa rizkine mung cumpen mragadana samurwate paparinge Allah marang wong iku. Allah ora meksa marang wong kajaba mung samurwate peperainge Allah marang wong mau. Allah bakal paring gampang sawise ngelakoni kangelan

Choose other languages: