Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Sajda Ayahs #30 Translated in Jawa

أَوَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ أَهْلَكْنَا مِنْ قَبْلِهِمْ مِنَ الْقُرُونِ يَمْشُونَ فِي مَسَاكِنِهِمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ ۖ أَفَلَا يَسْمَعُونَ
Wong kafir apa ora wis dituduhake dening Allah para ummat kuna kang padha ditumpesi marga kafir. Wong kafir padha mlaku andeleng patilasane. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti. Ya gene wong kafir ora padha ngrasak - ngrasakake
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَسُوقُ الْمَاءَ إِلَى الْأَرْضِ الْجُرُزِ فَنُخْرِجُ بِهِ زَرْعًا تَأْكُلُ مِنْهُ أَنْعَامُهُمْ وَأَنْفُسُهُمْ ۖ أَفَلَا يُبْصِرُونَ
Wong kafir apa ora padha handeleng hanggoningsun ngilekake banyu marang palemahan kang bera. Banjur Ingsun anggo nukulake tetanduran ana ing palemahan mahu, wusana banjur dadi pangane wong kafir dalah ingon - ingone. Apa padha ora deleng kahanan kang mangkono mahu
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْفَتْحُ إِنْ كُنْتُمْ صَادِقِينَ
(Wong kafir) padha celathu (marang wong mukmin) yen kandhamu mau temen, besuk apa bedhahe negara Mekkah
قُلْ يَوْمَ الْفَتْحِ لَا يَنْفَعُ الَّذِينَ كَفَرُوا إِيمَانُهُمْ وَلَا هُمْ يُنْظَرُونَ
(Muhammad) dhawuha, "Bab bedhahe Mekkah utawa dina Qiyamat (Allah piyambak kang wuninga) ing kono tobate wis ora migunani sarta wis ora disrantekake maneh paniksane
فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَانْتَظِرْ إِنَّهُمْ مُنْتَظِرُونَ
Mulane sira malengosa marang wong kafir, sarta ngarep - arep pitulunging Allah, wong kafir uga ngarep - arep menange

Choose other languages: