Quran Apps in many lanuages:

Surah As-Saff Ayahs #11 Translated in Jawa

وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ وَهُوَ يُدْعَىٰ إِلَى الْإِسْلَامِ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ
Ora ana wong kang nganiaya marang awake dhewe tinimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh ngarani marang Allah kang ora patut, kang mangka wong mau wis tampa dhawuh, dipurih ngelakoni Agama Islam, Allah ora kersa paring pituduh bener marang wong kafir
يُرِيدُونَ لِيُطْفِئُوا نُورَ اللَّهِ بِأَفْوَاهِهِمْ وَاللَّهُ مُتِمُّ نُورِهِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ
Karepe wong kafir mau kudu mateni cahyaning Allah sarana pangucape, nanging Allah nyampurnakake cahyane, sanadyan wong kafir padha gething
هُوَ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَىٰ وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ
Allah iku ngutus Rasule nyiarake pituduh bener ( agama Islam) dikersakake ngundhangake, supaya ngalahake agama liyane kabeh, sanadiyan wong mangro tingal padha ora dhemen
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَىٰ تِجَارَةٍ تُنْجِيكُمْ مِنْ عَذَابٍ أَلِيمٍ
Para mukmin! Apa sira ( gelem) Ingsun tuduhake dagangan kang nyelametake ing sira saka siksa kang ngelarani
تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَتُجَاهِدُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنْفُسِكُمْ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ إِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُونَ
Hiya iku sira kudu padha percaya ing Allah lan utusane, lan kudu mangsah perang ing dalane Allah kelawan wadol bandha lan nyawa. Weruha kang mangkono iku becik banget tumrap ing sira menawa dilakoni

Choose other languages: