Surah Ar-Rum Ayahs #28 Translated in Jawa
وَمِنْ آيَاتِهِ يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَيُحْيِي بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah anggone ditontonanek kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yen ana bledhek, wong kang ana ngomah banjur ngarep - arep tumuruning udan. Allah anggone nurunake banyu udan saka langit dianggo nguripake palemahan kang mahune bera. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang ana akale
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ تَقُومَ السَّمَاءُ وَالْأَرْضُ بِأَمْرِهِ ۚ ثُمَّ إِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةً مِنَ الْأَرْضِ إِذَا أَنْتُمْ تَخْرُجُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku hadeging bumi lan langit mligi saka perenging Allah tanpa cagak. Besuk nalika Allah nimbali sira banjur pating jredul metu (sala ing kuburanira)
وَلَهُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَهُ قَانِتُونَ
Lan kagungané Panjenengané apa baé kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kabèh ambangun turut marang Panjenengané
وَهُوَ الَّذِي يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ وَهُوَ أَهْوَنُ عَلَيْهِ ۚ وَلَهُ الْمَثَلُ الْأَعْلَىٰ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ
Lan Panjenengané iku Kang amurwani titah, tumuli angambalambali dumadiné, sarta iku gampang ingatasé Panjenengané; sarta kagungané Panjenengané sifat linuhung ing langit-langit lan bumi iku, lan Panjenengané iku Ingkang- Mahamulya, Ingkang-Wicaksana
ضَرَبَ لَكُمْ مَثَلًا مِنْ أَنْفُسِكُمْ ۖ هَلْ لَكُمْ مِنْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ مِنْ شُرَكَاءَ فِي مَا رَزَقْنَاكُمْ فَأَنْتُمْ فِيهِ سَوَاءٌ تَخَافُونَهُمْ كَخِيفَتِكُمْ أَنْفُسَكُمْ ۚ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Allah anggelar umpama marang sira, hiya iku awakira dhewe, "Upama kawulanira kang kadarbe ing tanganira melu handuweni barang darbekira kang wis Ingsun paringake, dadi padha bae karo sira, kang mangkono iku mesthi sira ora narima. Apa sira wedi marang deweke kaya dene wedinira marang awakmu dhewe?" Mangkono iku anggoningsun nerangake ayatingsun marang wong kang ana akale
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
