Surah Ar-Rum Ayahs #23 Translated in Jawa
يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَيُحْيِي الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ وَكَذَٰلِكَ تُخْرَجُونَ
Allah metokake barang kang urip saka barang kang mati. Lan metokake barang kang ora urip saka barang kang urip. Apa dene nguripake palemahan kang mahune bera. Mangkono uga sira hiya bakal diwerokake saka pati banjur urip maneh
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَكُمْ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ إِذَا أَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُونَ
Tandha yekti kuwasane Allah hiya iku anggone gawe awakira saka lemah, sabanjure sira dadi manungsa kang bebrayan (ngrembaka) ana bumi
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku anggone anggawekake bojo marang isra saka awakira (golongan) ira dhewe supaya sira tresnaha marang rabinira. Sarta andadekake sih - sinisihan. Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem mikir - mikir
وَمِنْ آيَاتِهِ خَلْقُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافُ أَلْسِنَتِكُمْ وَأَلْوَانِكُمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِلْعَالِمِينَ
Lan ana maneh kuwasaning Allah hiya iku anggone yasa bumi lan langit, lan anggone gawe beda - bedane tetembungan lan warna - warnaning kulit. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana akale mesthi dadi tandha yekti
وَمِنْ آيَاتِهِ مَنَامُكُمْ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاؤُكُمْ مِنْ فَضْلِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَسْمَعُونَ
Lan maneh kuwasaning Allah hiya iku anggonira padha ngupaya jiwa ing wayah awan, ngupaya paparinging Allah rizki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungok - ngurokake pitutur mesthi dadi tandha yekti
Choose other languages:

Albanian

Amharic

Azerbaijani

Bengali

Bosnian

Bulgarian

Burmese

Chinese

Danish

Dutch

English

Farsi

Filipino

French

Fulah

German

Gujarati

Hausa

Hindi

Indonesian

Italian

Japanese

Jawa

Kazakh

Khmer

Korean

Kurdish

Kyrgyz

Malay

Malayalam

Norwegian

Pashto

Persian

Polish

Portuguese

Punjabi

Russian

Sindhi

Sinhalese

Somali

Spanish

Swahili

Swedish

Tajik

Tamil

Tatar

Telugu

Thai

Turkish

Urdu

Uyghur

Uzbek

Vietnamese

Yoruba
