Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #24 Translated in Jawa

وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَكُمْ مِنْ تُرَابٍ ثُمَّ إِذَا أَنْتُمْ بَشَرٌ تَنْتَشِرُونَ
Tandha yekti kuwasane Allah hiya iku anggone gawe awakira saka lemah, sabanjure sira dadi manungsa kang bebrayan (ngrembaka) ana bumi
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku anggone anggawekake bojo marang isra saka awakira (golongan) ira dhewe supaya sira tresnaha marang rabinira. Sarta andadekake sih - sinisihan. Kang mangkono iku tumrap wong kang gelem mikir - mikir
وَمِنْ آيَاتِهِ خَلْقُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافُ أَلْسِنَتِكُمْ وَأَلْوَانِكُمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِلْعَالِمِينَ
Lan ana maneh kuwasaning Allah hiya iku anggone yasa bumi lan langit, lan anggone gawe beda - bedane tetembungan lan warna - warnaning kulit. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana akale mesthi dadi tandha yekti
وَمِنْ آيَاتِهِ مَنَامُكُمْ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاؤُكُمْ مِنْ فَضْلِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَسْمَعُونَ
Lan maneh kuwasaning Allah hiya iku anggonira padha ngupaya jiwa ing wayah awan, ngupaya paparinging Allah rizki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungok - ngurokake pitutur mesthi dadi tandha yekti
وَمِنْ آيَاتِهِ يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَيُحْيِي بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah anggone ditontonanek kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yen ana bledhek, wong kang ana ngomah banjur ngarep - arep tumuruning udan. Allah anggone nurunake banyu udan saka langit dianggo nguripake palemahan kang mahune bera. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang ana akale

Choose other languages: