Quran Apps in many lanuages:

Surah Ar-Rum Ayahs #26 Translated in Jawa

وَمِنْ آيَاتِهِ خَلْقُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافُ أَلْسِنَتِكُمْ وَأَلْوَانِكُمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِلْعَالِمِينَ
Lan ana maneh kuwasaning Allah hiya iku anggone yasa bumi lan langit, lan anggone gawe beda - bedane tetembungan lan warna - warnaning kulit. Kang mangkono iku tumrap wong kang ana akale mesthi dadi tandha yekti
وَمِنْ آيَاتِهِ مَنَامُكُمْ بِاللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَابْتِغَاؤُكُمْ مِنْ فَضْلِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَسْمَعُونَ
Lan maneh kuwasaning Allah hiya iku anggonira padha ngupaya jiwa ing wayah awan, ngupaya paparinging Allah rizki. Kang mangkono iku tumrap wong kang ngrungok - ngurokake pitutur mesthi dadi tandha yekti
وَمِنْ آيَاتِهِ يُرِيكُمُ الْبَرْقَ خَوْفًا وَطَمَعًا وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَيُحْيِي بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِقَوْمٍ يَعْقِلُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah anggone ditontonanek kilat dening Allah, wong kang pinuju mlaku banjur kuwatir yen ana bledhek, wong kang ana ngomah banjur ngarep - arep tumuruning udan. Allah anggone nurunake banyu udan saka langit dianggo nguripake palemahan kang mahune bera. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang ana akale
وَمِنْ آيَاتِهِ أَنْ تَقُومَ السَّمَاءُ وَالْأَرْضُ بِأَمْرِهِ ۚ ثُمَّ إِذَا دَعَاكُمْ دَعْوَةً مِنَ الْأَرْضِ إِذَا أَنْتُمْ تَخْرُجُونَ
Lan ana maneh tandha yekti kuwasaning Allah, hiya iku hadeging bumi lan langit mligi saka perenging Allah tanpa cagak. Besuk nalika Allah nimbali sira banjur pating jredul metu (sala ing kuburanira)
وَلَهُ مَنْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ كُلٌّ لَهُ قَانِتُونَ
Lan kagungané Panjenengané apa baé kang ana ing langit-langit lan ing bumi, kabèh ambangun turut marang Panjenengané

Choose other languages: